Kamis, 03 Mei 2018

5 >> SANGU LELADI BUNDA SAHSA

1. Duweni ati kebak welas asih
iku ora gampang
kudu digladi saben wektu
Ngadhepi masalah teka tanpa kanyana
Lumrahe kedhisikan emosi lan nesu
171017


2. Ngancik mangsa rendheng
Saben-saben  ngreceh
Tumetesing banyu ing dhuwur wuwung
Asring nggugah pikir liwung
Marang rasa kang dumadakan
Siinaput mendhung
111017

3. Yagene wegah mesem?
Apa lelakon urip
Isih ngguleng peteng
Nembangna kaya wingi
Kareben mega sumilak
Padhang sumringah
Nggiring reridhu..
111017


4. Samubarang tumindak
Becike aja mung pamprih
Amrih entheng sanggane
ora kakehan sambat lan nggunjel
101017

5. Beras kutah arang bali ing takere
Tegese>
Samubarang sing wis kedadeyan
Angel diajab pulih kaya wingi uni.
101017

6. tekane kanugrahan
Iku mantul saka ati kang tulus
Lan saka gedhene pengarep-arep
Uga kapitayan sing mantep
Marang Kuasane Gusti....
101017

7. Samubarang sing ngribeti pikir
Enggal dikipatake
Murih entheng lan padhang atine
Akeh pakaryan sing mbutuhake
Kesaguhan lan fokus,,,
061017

8. Yagene Ana kanca seneng jaim?
Mbokmenawa rumangsa hebat
Lan duweni kaluwihan sing pinunjul
Ning pungkase dadi wong *engkek
Ati-ati lho....
Dongane wong kelaran atine
Bakal di ijabah Gusti pangeran
290917


9. Yuswa mundhak dina suda 
Mesthine ngudi undhakane kawruh batin
Aja angah-angah mburu donya lan jabatan
Akehe malah kejegur ing jurang kasangsaran
290917

10. Ora usah bandingake
awake dhewe karo kanca
Kebahagiaan iku relatif
Sawang sinawang
Durung mesthi apa kang dinulu
Sejatine iku bahagia
290917

Bunda Lestari Sahsa Malika 
Alhamdulillah....

Tidak ada komentar:

Posting Komentar