1. Kandhamu
bisaa nggegem kapitayan
Ing keteguhan iman
Amrih kuwat
Kaya watu karang
Ora gigrig
Marang jemlegure ombak
Sing matumpa-tumpa
bisaa nggegem kapitayan
Ing keteguhan iman
Amrih kuwat
Kaya watu karang
Ora gigrig
Marang jemlegure ombak
Sing matumpa-tumpa
2. nalika madya ratri
rembulane mesem
Kelingan
mbiyen dolanan
Nggelar klasa pandhan
ing plataran
Nembang kodhok ngorek
Bebarengan
*kangen
rembulane mesem
Kelingan
mbiyen dolanan
Nggelar klasa pandhan
ing plataran
Nembang kodhok ngorek
Bebarengan
*kangen
3. Dakturut dalan cilik
mbokmenawa isih ana
Ukara lan aksara
saka bapak lan ibu
sing biyen kaicir
kanggo kapitayan
Ngadhepi owahing jaman
mbokmenawa isih ana
Ukara lan aksara
saka bapak lan ibu
sing biyen kaicir
kanggo kapitayan
Ngadhepi owahing jaman
4. Kelingan panjenengan
nuwuhake rasa kapang
Sekabehe pitutur
asring kabuncang
Katut iline angin
Apuranen aku ibu
Aku sinccubluk ing pakerti
nuwuhake rasa kapang
Sekabehe pitutur
asring kabuncang
Katut iline angin
Apuranen aku ibu
Aku sinccubluk ing pakerti
5. Ibu
aku kangen
Ngrungokake
gremeng panjenengan
Nalika aku iwut wangsulan
sakecap dadi pitung kecap
Jebul kaya ngene
Lelabuhe dadi ibu
aku kangen
Ngrungokake
gremeng panjenengan
Nalika aku iwut wangsulan
sakecap dadi pitung kecap
Jebul kaya ngene
Lelabuhe dadi ibu
6. ibu
srengenge kencar
aku kangen
sambang tegal
Ndhudhah uwi gembili
Sinambi crita
Bocah angon
jare....
duwe japa idu geni
srengenge kencar
aku kangen
sambang tegal
Ndhudhah uwi gembili
Sinambi crita
Bocah angon
jare....
duwe japa idu geni
Sing ngedap-edapi lan sekti
Njur aku lan ibu mesem
Njur aku lan ibu mesem
7. Tresna iku ora dolanan
Ing endahe prasapa
Ning uga wujud ucap lan kanyatan
Aja nganti luh manjila telaga
kapilut ukara manis ning lamis
Ing endahe prasapa
Ning uga wujud ucap lan kanyatan
Aja nganti luh manjila telaga
kapilut ukara manis ning lamis
8. Ginambar endahing tresna sejati
antaraning abimanyu lan utari
Ing gebyar kelir natas wengi
dadi anteping ati
muga bisa tinulad para pasutri
antaraning abimanyu lan utari
Ing gebyar kelir natas wengi
dadi anteping ati
muga bisa tinulad para pasutri
9. sejatine urip kuwi gampang
ning urip sing sejati iku ora gampang
Artinya=
Ssungguhnya hidup itu mudah
tapi hidup yang ssungguhnya tidaklah mudah
ning urip sing sejati iku ora gampang
Artinya=
Ssungguhnya hidup itu mudah
tapi hidup yang ssungguhnya tidaklah mudah
10. Sibuk ngoreksi kekurangan liyan
satemene mung nglarani atine dhewe
ora ana wong sing sarwa sempurna
Ayo...*sinau pinter lan ngerti
satemene mung nglarani atine dhewe
ora ana wong sing sarwa sempurna
Ayo...*sinau pinter lan ngerti
040518
Bunda Lestaris Sahsa Malika
Alhamdulillah...
Tidak ada komentar:
Posting Komentar