7 Maret 2013 pukul
8:06
Sedih cumondok ana
galih
getere kalbu nggubel laku
rasa rengu angendanu
ngrerujit jroning pangrasaku
pangangen nglangut
tumangsang ing srengenge kang angslup
manuk podhang seliweran
cemolotan ing wit-witan
candikala nggawa panelangsa
wengi wis tumeka
nyangking endahe cakrawala
katon melik-melik abyore lintang
pating kerlip ngayahi gati
urube konang uber-uberan
nambahi rasa ati ora karuan
wengi iki kaya ora padhatan
aku wedi..
ngadhepi wengi kang kijenan
ngenam sayuta pangimpen
rembulan lungguh ing pucuk papringan
cahyane montang-manting
ing tumiyube angin
ing kana pengangenku nglambrang
nglaras kidunge ati
angayut gitaning ratri
sepi mamring..
sepi sepa maesi nala
satemah angrerujit pangrasa
pindha bantala rengka
nganti-anti tumetesing embun
kuwawa nelesi sesambate ati
wengi tansaya wingit
sesingidan ing suksma kang ngulandara
ing sprene isih nyidham tumurune tletik banyu udan
ah...ing wengi iki
mung bisa lelumban ing beninge banyu netra
jangkahku tansaya lungkrah
anggonku lumaku ora mantep
sakujur anggaku wis sayah
ana endi sejatining ilmu kang bisa dadi panuntune ati
tumuju mulyaning bebrayan
kang kebak pengareb-areb
tan kendhat anggonku memuji
manembah satuhu ing ngarsane gusti kang maha suci
mugi gusti tansah amberkahi
ing siyang lan ratri...amin
.maret13@LSM
getere kalbu nggubel laku
rasa rengu angendanu
ngrerujit jroning pangrasaku
pangangen nglangut
tumangsang ing srengenge kang angslup
manuk podhang seliweran
cemolotan ing wit-witan
candikala nggawa panelangsa
wengi wis tumeka
nyangking endahe cakrawala
katon melik-melik abyore lintang
pating kerlip ngayahi gati
urube konang uber-uberan
nambahi rasa ati ora karuan
wengi iki kaya ora padhatan
aku wedi..
ngadhepi wengi kang kijenan
ngenam sayuta pangimpen
rembulan lungguh ing pucuk papringan
cahyane montang-manting
ing tumiyube angin
ing kana pengangenku nglambrang
nglaras kidunge ati
angayut gitaning ratri
sepi mamring..
sepi sepa maesi nala
satemah angrerujit pangrasa
pindha bantala rengka
nganti-anti tumetesing embun
kuwawa nelesi sesambate ati
wengi tansaya wingit
sesingidan ing suksma kang ngulandara
ing sprene isih nyidham tumurune tletik banyu udan
ah...ing wengi iki
mung bisa lelumban ing beninge banyu netra
jangkahku tansaya lungkrah
anggonku lumaku ora mantep
sakujur anggaku wis sayah
ana endi sejatining ilmu kang bisa dadi panuntune ati
tumuju mulyaning bebrayan
kang kebak pengareb-areb
tan kendhat anggonku memuji
manembah satuhu ing ngarsane gusti kang maha suci
mugi gusti tansah amberkahi
ing siyang lan ratri...amin
.maret13@LSM
Tidak ada komentar:
Posting Komentar