1. Semilir angin sore
Kinanthen kembang melathi
Kang amrik ngambar arum
Pindha sutra ngelus jiwa
nggelar sesawangan
ing endahe alam padesan
Kinanthen kembang melathi
Kang amrik ngambar arum
Pindha sutra ngelus jiwa
nggelar sesawangan
ing endahe alam padesan
2. Taktimba saka edhume rasa
sun kang kleleb ing madu retna
Senajan mung kandhek ing panggrahita
Kuwawa nyawur kayun
nuwuhake puspitaning ati
sun kang kleleb ing madu retna
Senajan mung kandhek ing panggrahita
Kuwawa nyawur kayun
nuwuhake puspitaning ati
3. pindha sinempyok tirta
Adhem jroning dhadha
Saka sungging maya
kumlawe tyas awe-awe
ngeja ing tlapukane netra
Apa iki dayane kidung tresna?
Adhem jroning dhadha
Saka sungging maya
kumlawe tyas awe-awe
ngeja ing tlapukane netra
Apa iki dayane kidung tresna?
4. Putih lan abang
bisa disawang
Ora usah kandha
yen kuwi klawu apa biru
nyatane kabeh pandulu
Ora bakal kleru
Sing beda
mung ing panemu
bisa disawang
Ora usah kandha
yen kuwi klawu apa biru
nyatane kabeh pandulu
Ora bakal kleru
Sing beda
mung ing panemu
5. samubarang laku
aja nggrundhel
aja ngedhumel
Kareben ora krasa abot
Sinau marang banyu
aja nggrundhel
aja ngedhumel
Kareben ora krasa abot
Sinau marang banyu
Mundhak dina
Tansaya meneb
Anteng lan wening
Tansaya meneb
Anteng lan wening
6. Dakurut lurung sepi iki
Sambang marang kapang
sakloron biyen reruntungan
Nembang kidung tresna
Saiki karingkus mangsa
nipakake tatu rupa biru
Sambang marang kapang
sakloron biyen reruntungan
Nembang kidung tresna
Saiki karingkus mangsa
nipakake tatu rupa biru
7. liwat tembang kangen
Rikat angenku
Nututi kledhangmu
Nadyan samar
bisaa anguwuh kapang
Rinengga manis
ing jroning kenangan
Rikat angenku
Nututi kledhangmu
Nadyan samar
bisaa anguwuh kapang
Rinengga manis
ing jroning kenangan
8. Panjenengan ngerti?
Iba trenyuh ngelun rasa
Nalika mbaka siji
Lembar klawu lelakon
Sesonderan ing netra
Dremejeg manjila kaca
Angelela...
Iba trenyuh ngelun rasa
Nalika mbaka siji
Lembar klawu lelakon
Sesonderan ing netra
Dremejeg manjila kaca
Angelela...
9. rasaku tumangklung
nasak pategaran jiwa
dakiring iline luh
Saka kembang kaca
ing larikane idep
banjur...
Daklempit ing larikane donga
nasak pategaran jiwa
dakiring iline luh
Saka kembang kaca
ing larikane idep
banjur...
Daklempit ing larikane donga
10. Virus kebencian
paling cepet nular
mula dieman atine
aja nganti terjangkit
paling cepet nular
mula dieman atine
aja nganti terjangkit
wong yen lagi gething
Atine ketutup bledhug
Samubarang ya mung katon ala
Atine ketutup bledhug
Samubarang ya mung katon ala
Tidak ada komentar:
Posting Komentar