Rabu, 18 Juni 2014

NGENAM IMPEN

Nalika lungguh ijen ing pucuking sepi
ngenam impen Lan janji
sing tangeh bisa nyawiji

kahanan jroning ati
kebak pradhondi
kajiret rasa kang sauntara nunjem pulung ati

swaraning ati ngelak cahyaning sih katresnan
jiwa kang tansaya garing

ana ngendi kudu takupadi
nalika jiwa tansaya peteng
ngajab teja minangka darmaning wardaya

sepi ngrambati ati
peteng lelimengan tanpa pancadriya

rembulan panglong ing lingsir wengi
tansaya sumedhot rasaning ati
nalika sewu lintang lelewa
comlorot cahyane pindha damar kencana

anjalari ngeresing pangrasa
jebul cahyaning wengi
amung kirim wisa

saka sayuta ukara kang muspra

nandhang lara ati
winungkus kapang
ketaton
amung wektu kang bisa nyampurnake lara iki.

#lest_sm

Tidak ada komentar:

Posting Komentar