1. Aja gampang kepencut
marang tata lair
Mung gebyare njaba
Yen ora ati-ati
Pungkase nemahi kuciwa
becike samadya wae...
marang tata lair
Mung gebyare njaba
Yen ora ati-ati
Pungkase nemahi kuciwa
becike samadya wae...
2. Isih daksimpen
Sekabehing impen
ing walik sepi
Pindha alang-alang
rinengga mangsa
garing kumleyang
Ngantu tetes bun
Nelesi sukma
kanengaya?
Sekabehing impen
ing walik sepi
Pindha alang-alang
rinengga mangsa
garing kumleyang
Ngantu tetes bun
Nelesi sukma
kanengaya?
3. Mecaki lurung ati
Ngluru ing pereng sepi
marang lintang
Dakcoba nyilih kelip cahyane
Dimen madhangi ati
Nundhung dhuhkitane nala
Ngluru ing pereng sepi
marang lintang
Dakcoba nyilih kelip cahyane
Dimen madhangi ati
Nundhung dhuhkitane nala
4. Mbokmenawa panjenengan
Gelem mangerteni
isih ana landhep kapang
sing kuwawa nugel sepi
Bareng semilir samirana
Gemuruh nothog wengi-wengiku
Gelem mangerteni
isih ana landhep kapang
sing kuwawa nugel sepi
Bareng semilir samirana
Gemuruh nothog wengi-wengiku
5.
Ing gisik samodra
ombak gegojekan
merak ati
Dumadakan angin kumlisik
njalari mosak-masik
Muspra
Gegambaran ambyar
ing Angslupe surya
Ing gisik samodra
ombak gegojekan
merak ati
Dumadakan angin kumlisik
njalari mosak-masik
Muspra
Gegambaran ambyar
ing Angslupe surya
6. Wis dakngerteni
Yen ta panggresah
tuwuh saka ati sayah
Yen ta panggresah
tuwuh saka ati sayah
mecaki lelakon urip
Pangganta kemleyang
mobat-mabit
Njalari ari tansaya konjem
Pangganta kemleyang
mobat-mabit
Njalari ari tansaya konjem
7. Jaremu..
abot kayangapa
Bakal saguh anggiring mega
kareben langit ora manggih rubeda
abot kayangapa
Bakal saguh anggiring mega
kareben langit ora manggih rubeda
Panggah rupa biru
senajan mendhung angreridhu
senajan mendhung angreridhu
8. Kok kados lare nom
remen nulis gurit tresna
lan pernak-pernike bunda?
remen nulis gurit tresna
lan pernak-pernike bunda?
kanggoku.....
sambang marang kenangan
Iku kadhang nyenengake lho
sambang marang kenangan
Iku kadhang nyenengake lho
9.
Ngronce Maneka tulisan
Minangaka sesulih karakter
Kabeh liwat ing berandaku
Takwaca njur takpahami
Kadhang aku ora gayuk
ya wis...
Ora usah dipikir
Minangaka sesulih karakter
Kabeh liwat ing berandaku
Takwaca njur takpahami
Kadhang aku ora gayuk
ya wis...
Ora usah dipikir
10. Ing beranda sosmed
dakwaca tulisanmu
ana sing sarujuk
Uga ana sjng ora gathuk
Ngono Kuwi...
Ya lumrah ing sesrawungan
Yen kabeh kudu sak panemu
ya ora seru?!
dakwaca tulisanmu
ana sing sarujuk
Uga ana sjng ora gathuk
Ngono Kuwi...
Ya lumrah ing sesrawungan
Yen kabeh kudu sak panemu
ya ora seru?!
Tidak ada komentar:
Posting Komentar