Jumat, 04 Mei 2018

19 >> SANGU LELADI BUNDA SAHSA

1. WIT SERUT
biyasane digawe bonsai
Pranyata duweni kasiyat
nolak niyat kadurakan
Ngusir hawa panas
Lan kewan *berbisa


2.JAMBU DERSONO
kuwawa netralake lemah panas
dadi adhem
Aura wit jambu iki kuwat banget
Uga simbol
"KADERSAN SIH ING SASAMA
"kerukunan sesami


3. TEBU WULUNG
wit tebu sing kulit engga godhonge werna ireng
Uga pinercaya bisa nolak balak
tuwahe gedhe kanggo media penyembuhan lelara


4. KEMUNING
Kasdu ngusir kekuwatan ngelmu ireng
Uga minangka tanaman obat tradisional
Mangga dipun icir ing latar
kembange arum mirip melati


5. Pinang utawa palem
dipercaya bisa nolak balak
ngisep aura negatif
(Serangan black magic/santet)


6. Kaktus 
duweni kasiyat ngisep aura negatif
Kaicir ing samping omah
mburi omah/ngarep omah
Prayogane aja ing njero omah
Bisa nolak rejeki.


7. Mawar 
Duweni  makna minagka lambang tresna
uga duwe kekuatan ngisep aura negatif
Prayogane diicir ing samping omah
Aja ing ngarep omah utawa incer lawang


8.tanduran dipercaya
wong jawa kanggo tolak balak yaiku :
1.kembang mawar
2.Wit kaktus
3.Wit pinang
4.kemuning,
5.tebu wulung
6.jambu dersono
7.wit serut
8.wit Tanjung,
9.sosor bebek
10.pring kuning


9. Urip kanthi rasa kebak tresna asih
marang sapadhane ngaurip
mujudake lelaku
kanggo tameng dhiri
Tumrap sekabehing pangridhu
Sing negatife


10. Samirana ngrambati pang
Gegojekan ing gegodhongan
Anjalari resep kahanan
esem angambar ing kembang waru
Sinareng gendhing asmarandhana
Nglandhang rasa ing endahe tritis wektu


Tidak ada komentar:

Posting Komentar