Sabtu, 05 Mei 2018

2. ATUR SAPALA

SANGU LELADI @BUNDA SAHSA

Maneka sangu leladi  iki dakajab bisa nuwuhake inspirasi
Kanggo para pamaos.
dakwenehi irah-irahan SANGU LELADI
Sangu tegese = uba rampe  sing digawa sajroning lêlungan;
Leladi tegese = nyuguhake utawa ngatonake patrap kang becik
jroning urip ing bebrayan agung.

SANGU LELADI yen ing bahasa indonesia kayadene nasehat,motivasi hati lan mutiara kata.
tema sing daktulis maneka warna saka pengalaman,rerasan batin lan
imajinasi sing ora kocap ing kasunyatan.

Atur panuwun marang sedaya mitra lan kulawarga
Ingkang sampun paring eguh pratikel,panyurung,ugi tansah sabar paring
panyaruwe ugi kekuwatan saengga kula saged nerbitake buku iki.

Ing pangangkah buku iki bisaa nambahi dokumentasi
ing sastra jawa,mligi dokumentasi pribadhi,ugi para maos kena kanggo panglipur ati.

mesthi wae apa sing daktulis  iki durung bisa apik lan lungit.
Saran ugi panyeda (kritik) lan panyaruwe tansah dakantu.

Nuwun

Tidak ada komentar:

Posting Komentar