Kamis, 03 Mei 2018

1 >> SANGU LELADI BUNDA SAHSA

1.kabeh wong duwe kesibukan
ning porsine dhewe-dhewe
kekuwatan awake ya ora padha
Aja jumawa
lakoni kanthi iklas ati
muga dadi dalan anuju berkahing Gusti
aamiin..ya robball alamin

2. Ati iku pancen gampang molak-malik
Jumbuh karo kahanan sing teka
Ning sabisa-bisa kudu bisa ngregani
Apa sing sasuwene iki katindakake
Eling.....
Marang perjuangan saka kawitan
GUSTI remen marang titah
Sing temen lan bisa njaga pangucape.

3. Duweni pertimbangan
Ngenani samubarang kang bakal katindakake
iku pancen perlu
Kareben ora grusa-grusu
Lan pikolehe bisa apik
Ning aja nganti kelangan kesempatan
Mung jalaran kesuwen anggone negesi
Lan netepake keputusan sing penting...

4. Ana tetembungan
Luwih becik ngalah
Timbang lara ati...

Mbokmenawa wae sing diadhepi
Atine wis malih atos kaya watu item
Mbendhal...marang sakabehe kabecikan

Ya sing waras  luwih becik ngalah
Mundhak kebenthus....malah gobrah

5. Rereged ing jroning batin
Klebu ngumbar rasa meri
Marang kebegjan liyan
Njur nyebar ukara kang lamis 

Amerga mung pengin
Njlomprongake kanca ing kasangsaran
Kamangka....

Kasuksesan iku kanugrahan
Saka Gusti marang titahe
Sing seneng meres kringet
Lan pantang menyerah...

6. Yen pengin urip iki tansah adhem ayem
Aja seneng ngresula
Apa maneh seneng sambat
Prakara sepele di gawe gedhe
Mung ndadekake sanggan jroning batin
Mbuwang energi lan wektu
*eman-eman lho

7. Ngresula iku mung mbuwang wektu
Ngedohake kanugrahan
Pasuryan dadi buthek
Becik enggal tumandang gawe
Amrih rejekine nyedhak
*berusaha...

8. Aja seneng nggresah
Sing ana wae di tampa kanthi bungah
Aja nuruti rasa panelangsa
Mundhak atine anane mung susah
Lan adoh saka anugerah
*tansah syukur

9. Ati kang bening iku
Pindhane kaca
Bisa Nyikapi maneka masalah
Linambaran kawicaksanaan
Ora gampang nggebyah uyah
Kabeh bakal ana solusine
*sing sabar

10. Ing alam donya iki 

Ora ana kahanan kang ajeg

Kabeh bakal ana owah-owahan
Marang ati kang lagi sumpek
Muga wae....
Enggal lejar
Dinane isih dawa
Ora selawase mendhung maesi langit

Lestari Sahsa Malika
030418

Tidak ada komentar:

Posting Komentar