Rabu, 18 Juni 2014

LELAYARAN

srengenge esuk kang mlethek ing ati
sumunar ngangeti anggaku

wiwit kokkandhake kidung ati

takgurit endahe tetembangan jiwa
sing wingi kasuntak ing dluwang iki

banjur takkrakit prau iki
takkintirake bareng janji
kang tinatah edi

amrih bisa lelumban
ing samudra atimu

gegandhengan ing pucuking alun
ngoyak playune angen-angen

getering angin sumilir
isih saguh ngancani

gurit iki tuwuh saka anggit
kang siningit

nalika nggambar pasuryanmu
ing dluwang kenangan.

bjn.lsm

Tidak ada komentar:

Posting Komentar