nggagas rumeksa cangkriman
jroning ati...
sadawane laku
tan kena sinasap pepinginan
labuh marang angen-angen
kaya durung nate wanuh
marang lurung dawa tanpa wates iki
kamangka saben mlebu metune napas
tansah binundhel
lan terus ginagas
nganti linu semeleh ati
rantas lembaraning rasa
lan lintang panjer rina
sing sayah ngembara
layone kemampul ing tengahing segara
mbok menawa pancen kudu ngendhang iline angin
kapitayan tumangsang ing pang-pang mega
kekendhelan sing mung keri sakmenir
musna kabuncang
gilir gumantining mangsa
#sumber kumpulan gurit
jroning ati...
sadawane laku
tan kena sinasap pepinginan
labuh marang angen-angen
kaya durung nate wanuh
marang lurung dawa tanpa wates iki
kamangka saben mlebu metune napas
tansah binundhel
lan terus ginagas
nganti linu semeleh ati
rantas lembaraning rasa
lan lintang panjer rina
sing sayah ngembara
layone kemampul ing tengahing segara
mbok menawa pancen kudu ngendhang iline angin
kapitayan tumangsang ing pang-pang mega
kekendhelan sing mung keri sakmenir
musna kabuncang
gilir gumantining mangsa
#sumber kumpulan gurit
Tidak ada komentar:
Posting Komentar