sumilir angin ing pereng sepi
anjalari ati tansaya atis
rinasa nglangut
ati sepa
kagubel rasa keduwung
kaya ron garing
ngeja lelayu
nglayung
wewayanganmu ngiwi-iwi
tansaya ngrujit ati
ati tansaya perih
njarem tatu biru
jroning kalbu
tega panjenengan nipakake
esem kang daktitipake
dadi segara waspa.
Tidak ada komentar:
Posting Komentar