Kamis, 03 Mei 2018

8 >> SANGU LELADI BUNDA SAHSA

1. Urip kudu ngati-ati
Tansah eling lan waspada
Samubarang bakale ngundhuh wohing tumindak
Laku ala nemu cilaka
laku becik bakal begja...
180917

2. wong jawa mesthi ngerti
Dununge sangkan paraning urip
tumindake bakal ngati-ati
ora sakarepe dhewe
Samubarang dipikir dhisik
Wedi yen nerak angger-anggering urip
180917

3. Kapitayan
"ngundhuh wohing pakarti"
bisa njurung laku utama
nyandhet laku culika
nyingkiri watak candhala
bakal nuwuhake kaluhuran budi


4. Urip ing sesrawungan
Kudu bisa jaga dhiri
Aja nganti ngucap kang gawe tatuning liyan
micara ala utawa becik
bakal nemahi ing awake dhewe

5. Aja dumeh hebat
Njur ambeg ing watak culika
amarga wusanane bakal nyilakani awake dhewe
samubarang becik iya ketitik
ala Iya bakal ketara..

6. Gelem nyuwun ngapura menawa salah
iku tumindak becik
Lan ora pengin ala sajroning lelakon uripe
merga sapa kang salah wusanane bakal seleh..

7. Muga kita tansah pinaringan
rasa eling ...
Duweneni pikir kang wening
mbujung tumindak becik 
tanpa pamrih
Ya amung ngundi rahayuning titah sajagad

8. Ing wanci dalu
lewat semilir angin
Daktitipake cathetan ati
Apa wis koktampa?
ana pangaleme rasa
Kepengin ngumbar crita
kaya biyen tanpa leren..

9. ratri Ing plataran
Daksawang kluwung mega
njlarit anelah langit
Kembang kaca ambyar
Kelingan ing tebih kana
Marang panjenengan 
sing dadi kembange impen

10. Angen gumlewang
Ana getir perih dakrasa
Jarak pancen dadi sebab
nugel adrenging kareb
njalari linu semeleh ati
kledhangmu wae
Mung katon samar
Klawu...

Bunda Lestari Sahsa Malika
Alhamdulillah

Tidak ada komentar:

Posting Komentar