Kamis, 03 Mei 2018

2 >> SANGU LELADI BUNDA SAHSA

1. Ati kang menep iku
ora gampang kebrongot nesu
Samubarang ucap lan laku
Tansah nglewati kumlisiking pikir
*ora grusa-grusu

2. Supaya manungsa kalis saka memala
Para leluhur wus paring pepeling
Lumantar tutur utawa unen-unen
Sing sapa gelem ngecakake ing
Urip sapadinane..
Mesthi bakal nemahi slamet....

3. Resep ing kedhep netra
Kapaes soroting bagaskara
Manjila manda jingga
Sekar kang amrik...
nyebar greget nlesep ing  jiwa
Maturnuwun Gusti sedaya anugerah paduka.
.
*anggrek nedhenge mekar
Ing plataran....
Pindha ati kang seneng nandur kebecikan
Gawe bungah jroning sesrawungan 

4. Urube hawa nafsu iku
Tansah ajak-ajak
Ngedohi kesaenan
Ngedohi kabecikan ..
Ngedohi kautaman.,,
Yen lena bisa mbranangake ati
mburu kamukten
kanthi laku ngiwa
nggayuh bandha donya 

Ora preduli senajan gawe kapitunan liyan

5. Klemar-klemer
Klemat-klemet
Kluwar-kluwer
Tegese>>
wong sing tandange ora ndayani
Kurang semangat lan lumoh
Biayasane diucapke marang kanca
sing rumangsa kerugen merga asile gawe ora nyenengake...

6. Juweh
Omeh
Alokan
Lambe turah
Tegese>>>
Wong sing seneng nyacad liyan
Seneng ngurusi polah tingkah liyan
Kamangka ora ana urusan babar pisan karo dhwekne
Omongane nggladrah tanpa dhasar  ...

7. Sinau marang kedadeyan urip
Kang nuntun ing pangerten
Mugi tansah  ing margi leres
Kanthi pangati-ati luwih permati
Murih Ora sembranan
Eman yen urip mung dolanan
Umpama mlaku kudu bisa duweni
Tipak kang gawe aruming asma 

Ing tembe mburi 

Lan bisa manfaati mring sesami


8. Endahe tembung kang rinonce
Pinaes asri Ing tritis esuk
Pindha sekar nedhenge mekar
Ngambar aruming sastra
Nyebar rasa pangrasa
Medhar sasmita kang sinandhi
Kirim warta rinengga
Katur para sumitra

9. Daktimba saka edhuming rasa
Nalika reroncening ukara
Mili saka bening kaca maya
Esem kasungging maesi ati
Basa kang tinata edi
Rerenggan sastra milangoni
Mumpung driji saguh nyebar wiji
Nenandhur ing larikan sangu leladi
Senajan mung RupaTembung alit

10. Mugi tansah pinaringan eling
Marang ati sing lagi ginulung
Ing  reja-rejaning jaman
Akeh sing Kedhungsangan
Polahe anteng kitiran
Kemrungsung ...
Karep-karep cementhel ing sadawane dalan
Pindha mangsa rendheng
Ngreceh ...tanpa leren
180117

Tidak ada komentar:

Posting Komentar