1. Semburat jingga candhik sore
Njur kelingan esem ngujiwat
Dremejek ana larikane idep
Ngawe angen kebak pengarep
ngudal kapang Sing kalungse
170917
Njur kelingan esem ngujiwat
Dremejek ana larikane idep
Ngawe angen kebak pengarep
ngudal kapang Sing kalungse
170917
2. ABANG-ABANG LAMBE
tegese mung lelamisan
kanggo ngarani wong
sing guneme ora temenan
ora tumus tekan njero atine...
150917
tegese mung lelamisan
kanggo ngarani wong
sing guneme ora temenan
ora tumus tekan njero atine...
150917
3. Yen pengin urip ora kekurangan
pancen ya kudu makarya
Ngetus apuhe kringet saben dina
lan siji aja lali
Kudu linambaran tirakat kang kuat
pancen ya kudu makarya
Ngetus apuhe kringet saben dina
lan siji aja lali
Kudu linambaran tirakat kang kuat
4. WONG yen lagi gandrung
mung kudu weruh woding ati
Tansah katon jroning ati lan impen
Senajan wis duwe anak bojo
wuyung njalari pikir liwung.
150917
mung kudu weruh woding ati
Tansah katon jroning ati lan impen
Senajan wis duwe anak bojo
wuyung njalari pikir liwung.
150917
5. Mikul dhuwur mendhem jero
Tegese = gawe kuncarane wong tuwa
yen ana alane wong tuwa
kudu dipendhem jero utawa dilalekake
Apike wae dipikul dhuwur lan kudu dieling-eling.
yen ana alane wong tuwa
kudu dipendhem jero utawa dilalekake
Apike wae dipikul dhuwur lan kudu dieling-eling.
6. larasing basa Jawa iku alus
awit basa Jawa iku kebak rasa
Prakara yen diblakakake keprungu saru
bisa karakit ing tembung pasemon...
awit basa Jawa iku kebak rasa
Prakara yen diblakakake keprungu saru
bisa karakit ing tembung pasemon...
7. Wong yen nesu
Rasaning ati dadi adoh
senajan adhep-adhepan
mula asring padha mbengok
Lan nggebrak meja
kuping suda rungu
ketutupan kanepson
090917
Rasaning ati dadi adoh
senajan adhep-adhepan
mula asring padha mbengok
Lan nggebrak meja
kuping suda rungu
ketutupan kanepson
090917
8. Nut ilining pikir
Ning aja nganti kentir
njur lali sembarang kalir
Ning aja nganti kentir
njur lali sembarang kalir
9. Dadi pejabat
Kudu bisa nggelar lan nggulung pikir
ngadhepi kahanan apa wae
Siyap kajen keringan
uga siyap nalika wis purna
Kudu bisa nggelar lan nggulung pikir
ngadhepi kahanan apa wae
Siyap kajen keringan
uga siyap nalika wis purna
*ORA KAGETAN
070917
070917
10. Yen kasinungan panguwasa
aja padha kongas
Njur lali marang kawitane
WEKTU luwih kuwasa
tinimbang manungsa
mula tetep eling lan waspadha
070917
aja padha kongas
Njur lali marang kawitane
WEKTU luwih kuwasa
tinimbang manungsa
mula tetep eling lan waspadha
070917
Bunda Lestari Sahsa Malika
Alhamdulillah...,
Tidak ada komentar:
Posting Komentar