Rabu, 18 Juni 2014

KAPANG TAKSUNTAK ING GURIT

lumantar aruming ganda wangi
kang ginawa semilir angin
rinasa ngelus ati kang nandhang sepi


ana landhep kapang
nedya lelangen ing kedheping nettra
umpama sliramu ngerti
coba rungokna kumlesiking dhdha iki
pindha gemuruhe alun samudra

sauruting wengi tansaya ndadi
prasasat nunjem pulung ati

dhuh..yagene kudu taktemahi lelakon iki
wawayanganmu kang winungkus sepi
nasak jumejere kembang kaktus
anjalari gorehing ati

sesingidan ing walik impen-impen bisu
wengi rinengga deresing luh
nelesi ati kang garing

ing antarane tumiyubing angin
kekes njiret pangrasa

taktitipake getering kapang
marang kembang arumdalu
kareben nggawa crita saka atiku

ana kapang tetembangan jiwa
nemnbangake dhuhkitaning nala

ing wengi kang sepi
taksuntak sakehing rasa
ana larikaning gurit iki
senajan kala-kala kudu takbusek esem ngujiwatmu
kang anjalari atiku kelara-lara

ing penggiring impen wengi
ngupaya cahyaning rembulan
miyaki sakehing pepalang

naging apa ya bisa
aku mlumpati jurang kang dadi pepalang?

ahh.....bali takusapi iline
luh kang demleweren ing pipi

tansaya..adoh wewayangnmu
ninggalke aku

Tidak ada komentar:

Posting Komentar