Jumat, 27 Juni 2014

GRIMIS ESUK ING SASI DESEMBER

31 Desember 2013 pukul 10:12

Taktulis larik-larik aksara
ing saklumahe pedhut esuk

nalika samirana mrambat ngelus pelataran ati

kuwawa ngirim suwara samun mlintir pangrasa

grimis ngriwis miyak sepine ati

marang mendung taktitipke sagegem aksara dhuhkitaning nala

grimis esuk iki kaya ngekep eseme bagaskara

tumempuh Semilir angin ngosak-asik pelataran jiwa

kala-kala ngrontogake kudhup melathi
sing wingi bengi dadi panglipuring ati

jroning rasa wis kebacut teles
saka eluh kang kutah
tumpang suh ing deresing banyu udan

aku mung bisa meneng
njegreg tidhem..
Nglaras tumiyubing angin nunjem dhadha

sinambi ngekep rasa panelangsa
tanpa umpama

amung jroning gurit iki
daktulis suwaraning ati
lerem jroning warangkaning gatra lan ukara

dakajab ngiring jangkahku mecaki dina-dina ing ngarep

jebule abot lelakon urip kang lagi takprangguli

rasa sumendhal ing pereng napas
nginggati anggit kang siningit..

dhuh Bapak ..ibu
Marang riwis udan dakudal kapang kang suwe kapendhem

mendung ing pucuk desember
nggambar perih tinatah abang njarem ing kalbu

bebasan mung kadya rembulan sing nglari playune lintang

daksawang ing tawang amung peteng sinawuran tetesing grimis ngriwis

ing selane udan tanpa leren daksebut asmamu
Dhuh bapak .. Ibu ..
kaya-kaya wis garing waspak iki.

Marang lengkung kluwung nggurit panjeriting ati

mugi gusti paring margi jembar lan padhang
mapan ing swarganing gusti

dakkirim payung gambar kembang melati

lebur ing gurite gusti kang maha siji lan suci.

Tidak ada komentar:

Posting Komentar