1. Dakgambar wewayanganmu
Senajan wis katon lungse
Kepengin dakulati maneh
Njur dakcenthelake ing langit ati....
Minangka tandha yen ana crita
Senajan wis katon lungse
Kepengin dakulati maneh
Njur dakcenthelake ing langit ati....
Minangka tandha yen ana crita
Lelewa tanpa swara
Mbisu Sadawaning wektu
Mbisu Sadawaning wektu
2. Konjem jroning ati
Molak-malik tan kuwawa muni
gemuruh ing jroning ati
Nggagas lelakon urip iki
Yagene kudu dakprangguli
Yen esuk iki kudu dakudal crita
Molak-malik tan kuwawa muni
gemuruh ing jroning ati
Nggagas lelakon urip iki
Yagene kudu dakprangguli
Yen esuk iki kudu dakudal crita
Sing wis kawuri...
3. Yen ana masalah
Enggal dirampungke
Kareben ora ngribeti pikir
Ora ana gunane mutungan
Eman yen dinane dadi surem
Merga wegah mesem.....
261017
Enggal dirampungke
Kareben ora ngribeti pikir
Ora ana gunane mutungan
Eman yen dinane dadi surem
Merga wegah mesem.....
261017
4. Aja wedi marang ayang-ayang
Sing durung mesthi ana
Mung nggedhekake rasa kuwatir
Tundhane ati ora manteb
Sing durung mesthi ana
Mung nggedhekake rasa kuwatir
Tundhane ati ora manteb
Jangkahe dadi ragu-ragu
Tetep madhep mring sih Gusti
Tetep madhep mring sih Gusti
5. ngayahi pakaryan
Becike kanthi iklas...
Aja nggrundhel
Bisa ngedohake kanugrahan
Pikolehe mung awak kesel
Tanpa ana asil sing berkah
261017
Becike kanthi iklas...
Aja nggrundhel
Bisa ngedohake kanugrahan
Pikolehe mung awak kesel
Tanpa ana asil sing berkah
261017
6. Nindakake kesaenan
Aja krana golek alem
Kepengin diwahke liyan
Pungkasane muspra
Merga Gusti ora rena
Marang patrap seneng pamer
261017
Aja krana golek alem
Kepengin diwahke liyan
Pungkasane muspra
Merga Gusti ora rena
Marang patrap seneng pamer
261017
7. Ing bebrayan iki
Wis lumrah ....
Yen ana wong ora seneng
Marang kabegjan liyan
Mbokmenawa wae..
Mbiyen dolane krg adoh
Dadi kurang jembar *pikire
261017
Wis lumrah ....
Yen ana wong ora seneng
Marang kabegjan liyan
Mbokmenawa wae..
Mbiyen dolane krg adoh
Dadi kurang jembar *pikire
261017
8. Yen ana wong serik ati
Dongakna wae
Muga atine enggal lejar
Tetep semangat
Ngudi undhakane kadewasan
Supaya wasis ngadhepi maneka karakter
Ing pasrawungan
261017
Dongakna wae
Muga atine enggal lejar
Tetep semangat
Ngudi undhakane kadewasan
Supaya wasis ngadhepi maneka karakter
Ing pasrawungan
261017
9. Ngugemi wewarah luhur
Yen samubarang tumindak
Tansah eling lan waspada
Jer urip iki akeh reridhu
Sing ora kanyana
Aja kepleset obahe ilat..
Yen samubarang tumindak
Tansah eling lan waspada
Jer urip iki akeh reridhu
Sing ora kanyana
Aja kepleset obahe ilat..
10. Gegaraning wong akrami
Dudu bandha dudu rupa
Amung ati pawitane
Dudu bandha dudu rupa
Amung ati pawitane
Artinya >>bekal berumah tangga
bukan harta bukan wajah
Hanya hati yang tulus juga pnuh kasih
Hanya hati yang tulus juga pnuh kasih
Bunda Lestari Sahsa Malika
Alhamdulillah...
Tidak ada komentar:
Posting Komentar