Rabu, 18 Juni 2014

....Coretanku....


IBU

wilanganing pangucap
rinoncen dunga
maujud rasa kang kebak rasa asih

solahbawa tan ginawe
prasaja satemah gawe rena
tumprap garwa lan para putra

menika kang aran ibu
jiwa cumadhong mring panandhang lan narima

teteg teguhing rasa
anjalari para putra temtrem
sabda kawedar winungkus dunga pamuji

ibu...wonten asta panjenengan
para putra teteg lan tangguh
ngadepi kahanan dunya

panjenengan wanita mulya
widodarine garwa lan putra.

#hiks
 

Tidak ada komentar:

Posting Komentar