1. Akeh wong pinter
ning Ora ngerti
Pikolehe muspra
Yen ora selaras
Marang tatanan urip bebrayan
Nggugu karepe dhewe
sing nerak bebener
ning Ora ngerti
Pikolehe muspra
Yen ora selaras
Marang tatanan urip bebrayan
Nggugu karepe dhewe
sing nerak bebener
2. ing lurung pojok desa
Nalika angsluping surya
daksimpen sorot netra
Kebak rasa tresna
Ing selaning mega
Dakcenthelake gurit alit
Njlarit ing birune langit
Nalika angsluping surya
daksimpen sorot netra
Kebak rasa tresna
Ing selaning mega
Dakcenthelake gurit alit
Njlarit ing birune langit
3. teja manther ing papringan
Anyengsemi..
sunar kartika sumebyar
Ngrengkuh atising wengi
dakpeneg kemlisiking dhadha
aja nganti udar ing kasetyan
Anyengsemi..
sunar kartika sumebyar
Ngrengkuh atising wengi
dakpeneg kemlisiking dhadha
aja nganti udar ing kasetyan
4. Amrik angambar arum
ngawiyat rasa kangenku
Ing sih tresnamu
sempyuh ing abyore lintang
Krelipe ngawe-awe
angin Midid angaras ati
Atis...
ngawiyat rasa kangenku
Ing sih tresnamu
sempyuh ing abyore lintang
Krelipe ngawe-awe
angin Midid angaras ati
Atis...
5.
takdhedher wilange wektu
Engga lingsir dalu
perih ngluwari rasaku
Kledhangmu Ing ngarepku
takdhedher wilange wektu
Engga lingsir dalu
perih ngluwari rasaku
Kledhangmu Ing ngarepku
Wengi lumingsir klawu
dremejek angreridhu
dremejek angreridhu
6. Kebahagiaan urip
ora mung gebyare lair
Ning mapan...
ing ati sumèlèh Lan sarèh
ora perlu grusa grusu
Tetep ngesuh weninge ati lan pikiran
ora mung gebyare lair
Ning mapan...
ing ati sumèlèh Lan sarèh
ora perlu grusa grusu
Tetep ngesuh weninge ati lan pikiran
7. Samubarang sing diarani mukti
Bakal dioyak awan lan bengi
ning dalané kudu sing bener
aja Nganti lali
larangan lan prentahe Gusti
ning dalané kudu sing bener
aja Nganti lali
larangan lan prentahe Gusti
8. Tansah waspada
yen dumunung ana alas lathi
Saiki akeh sing memba-memba
Wong apik ketampik
wong ala ketampa
mbokmenawa jamane wis tuwa
yen dumunung ana alas lathi
Saiki akeh sing memba-memba
Wong apik ketampik
wong ala ketampa
mbokmenawa jamane wis tuwa
9. WANI ANGAS UTAWA LADAK
Artine wong sing nyengit tapi mung ana ing unine ora diwujudne ing kasunyatan
Artine wong sing nyengit tapi mung ana ing unine ora diwujudne ing kasunyatan
10. Ngurupa damar
jroning jiwa
kareben tansah sumunar
Amadhangi ing sadawane laku
Senajan kelipe mung saktlenik
Ngreksa wijiling rasa....
jroning jiwa
kareben tansah sumunar
Amadhangi ing sadawane laku
Senajan kelipe mung saktlenik
Ngreksa wijiling rasa....
Bunda Lestari Sahsa Malika
Alhamdulillah,,,,
Tidak ada komentar:
Posting Komentar