Kamis, 03 Mei 2018

3 >> SANGU LELADI BUNDA SAHSA

1. Rasa Optimis nuwuhake kapitayan dhiri
Kang bakal nuntun ing margi kasuksesan
Bismillah...
Mugi Gusti tansah paring kanugrahan
❤❤❤

2. Rasa syukur iku mapan ing ati sumeleh
Yen ana pikiran *umub
enggal di leremake
Dimen pasuryan sumringah
Tinebihake saka rasa tida-tida lan sumelang
3. Saka pucuk pring
Srengenge katon pucet
Apa wis sayah?
Lsm,231117

4. Aja seneng gegeran
nggedhekake masalah
Kriwikan dadi grojogan
yen ora bisa ngendalikake emosi
Bisa mbebayani tumrap dhiri pribadine
uga wong liya.


5. Yen pengin urip ora kekurangan
pancen ya kudu makarya
Ngetus apuhe kringet saben dina
lan siji aja lali....
Kudu linambaran tirakat kang kuat
111117


6. Rejeki mono ora mung arupa bandha
ning uga awak sehat
pikiran ayem lan  tentrem
bisa nglampahi ibadah
Rukun sakulawarga
Guyub karo para tangga
11117

7. Manembah marang Gusti
aja mung krana duwe karep
Mesthine dilakoni minangka kewajiban
Aja tidha-tidha
Gusti maha murah
Tetep iktiyar...
11117

8. Lumrahe nandur
yen winihe becik
mesthi pikolehe ya apik
Lha,...kok ana unen-unen
nandur pari
thukule suket teki
anaNe malah lara ati
*sabar

9. Kembang melathi ing tritis
Katon peni angambar wangi
Ngelingake ing prasetya suci
Kebak pangabekti
Mring sih sejati
Maturnuwun Gusti,,,,
301017

10. GUSTI,,,
Kula nyuwun pangayoman
Saking raos manah
Ingkang ujug-ujug *gelisah
Mugi mboten enten rubeda menapa
Alfatehah,,,..aamiin
271017


Bunda Lestari Sahsa Malika 
Alhamdulillah......

Tidak ada komentar:

Posting Komentar