Jumat, 27 Juni 2014

ING PUCUK SORE

Ing walik cakrawala
Nalika mega-mega nggirng angslupe bagaskara

dakrone angen-angen

ing walik cakrawala
Nalika mega-mega nggiring angslupe bagaskara

ngenut sumiliring angin
nalika aksara amung kandheg ana larikaning gurit 
tanpa swara

ing pucuk sore
pengin takudal sakehing crita
saka ati kang semplah
kareben bisa ambyar 
kutah ing pelataran.ati

aku wis sumeleh 
ngenggar-enggar pangrasa
saka kanyatan 
kang ora takngerteni

atiku tansaya rengu
sinambi nyawang langit werna klawu

ya ben wae
ati iki sepi

ya ben wae 
ati iki garing

ya ben wae
ati iki nglinthing

sepi lan sepi
kalindhes katreming wengi.

#lest_sm.jun14



Tidak ada komentar:

Posting Komentar