Jumat, 04 Mei 2018

17 >> SANGU LELADI BUNDA SAHSA

1. Urip kebak pacoban
Seje dina beda kahanan
kedlarang ing pangumbaran
Ibere pikiran sakparan-paran
Munyer pindha kitiran
Tetep eling mring Gusti


2. Kabeh prakara
Mesthi ana pungkase
sing njalari sumpek ati
mesthi ana solusi 
Mesema..
Murih lejar
pindha pajar
Ing plethek srengeng esuk


3. Ing pang wit waru
Manuk kepodhang
pathing cemuwit
Mratelakake langit isih biru
Sumunar nlesep ngangeti ati
mecaki dina
tanpa wegah
*semangat


4. Tresnamu
Dakronce ing endahe puspa
Sinangkling kaprada bagaskara
ngambar arum mbabar sedya
Reruntungan kaya mini mintuna
Dakpuji muga nganti puput yuswa

5. Impenku
dakgurit ing bun esuk
Larap-larap tumetes sih
Daksungging esem ngujiwat
Ing antarane mawar abang
Rasa iki dakpuji
amemanjang yuswa..

6. Srengenge angslup
Ing gisik mega
rasaku gumlewang
ing rupa jingga
dakseleh sayahku
Katrem
Ayem
Maturnuwun Gusti
sedaya aanugrah paduka

7. Sibuk ngoreksi cacade liyan
nganti rereged ing awake dhewe
Ora dingerteni 
Klalen
Klendran
pungkasane malah dadi rerasan
*lho..lak ya?


8.wanita kang  Gandes luwes lan pantes
Iku mesthine dadi ciri kase wong jawa
sabisane nyandhang pengganggo diselaraske
kareben resep ing panyawang


9. Wedi marang ayang-ayang
iku bisa dadi pepalang
tetep usaha sing peng-pengan
ning kudu selaras karo kemampuan 
bisaa istiqomah ngibadahe


10. Kesabaran
bakal tumuju ing kaberkahan
apa kang wingi mrucut..
bakal antuk ganti luwih gedhe
Tetep ngupaya lan percaya
marang kuwasa Gusti

Tidak ada komentar:

Posting Komentar