Jumedhule buku SANGU LELADI @BUNDA SAHSA iki minangka tandha yen ing Kabupaten Bojonegoro tansah lair anane generasi penerus penulis sastra Jawa.
kabupaten Bojonegoro pancen dikenal minangka gudhange pengarang lan penyair sastra Jawa kang kejaba sregep nulis ing majalah-majalah lan dipublikasiake ing sosmed uga padha nerbitake buku
kaya karyane Lestari Sahsa Malika iki.
Kaya kang kaserat dening Bapa Djajus Pete arupa atur pangiring ing buku KEMBANG NEDHENGE MEKAR karyane Lestari Sahsa Malika.
MIturut Bapa Djajus Pete minangka begawan sastra jawa Bojonegoro.
"Penulis wanita ing Bojonegoro cacahe mung setithik,
Lan ing endi papan pancen mung sethithik banget yen ora kena diarani langka.
Mula saka iku, muncule Lestari sahsa Malika iki mujudadake kabar kang nyenengake tumrap perlune generasi penerus penulis sastra Jawa khususe ing Kabupaten Bojonegoro," .
Lan muga wae ,..
buku SANGU LELADI @BUNDA SAHSA
iki bisa duweni manfaat lam nambah kawruh marang panjenengan
ingkang remen maos endahing reroncen tembung basa jawi.
Bojonegoro, Mei 2018
Suprayitno SPD ,M MPD
Pengamat seni
Tidak ada komentar:
Posting Komentar