sunaring
sang pradanggapati
tansaya angslup
ceceketan hancala
ing sisih pracima
bebarengan sunar candkik ala
kang manda-manda jingga
surup wis wanci ngegla
sinareng lembut pawana ngidid
saka ati sepi
lamat-lamat karengu
swaraning tembang edi
kidung ibu pertiwi
kang ngelus ngerih ati
ibu pertiwi
paring boga lan sandhang
kang murakabi
peparing rejeki
manungsa kang bekti
ibu pertiwi
ibu pertiwi
sih sutrisna mring sesami
ibu pertiwi
kang adil luhuring budi
ayo sungkem mring ibu pertiwi
kidung kang bisa nuwuhake greget
pinangka pisungsung pamuji
nanging ati iki miris
yen andulu ibu pertiwi nandhang dhuhkita
bumi iki lagi lara ati
nyawang polah manungsa
lelumban nuruti ardaning dhiri
adol lamis
Tidak ada komentar:
Posting Komentar