Tembung-tembung sing daktulis nganggo basa jawa iki takkumpulake
dadi buku kanthi irah-irahan SANGU LELADI @BUNDA SAHSA
muga bisa dadi Buku salah sawijining buku
kang bisa nuwuhake inspirasi lan nggugah semangat para pemaos.
senajan durung kagolong buku kang mentes (bermutu)
Sakawit amung kepengin nglipur ati lan luru maremeng ati.
Nulis-nulis kepingin nguri-uri endahe sasta jawi
Ndherek udhu senajan saklungsu.
Muga-muga ora nuwuhake rasa cuwa tumrap para mitra
Ingkang sampun nglodhangake wekdal maos buku menika.
Buku iki uga taktulis minangka tandha tresnaku
marang wong tuwaku sakloron kang ngukir jiwa ragaku kang wis swargi,
yaiku Bapak Supardji lan Ibu mudiyati.
Lan uga dakpisungsungake marang Kangmas Suprayitno Spd, M mpd, garwa kinasih kang tansah nyengkuyung kanthi sabr lan setya tuhu
Tansaya nuwuhake rasa tresna lan bekti jroning atiku.
Uga kanggo anak-anakku kinasih
Akbar Fahreza Putra,Airil Rizky Yunanda
lan Defta Ahsya Malika
Bojonegoro,Mei 2018
Lestari Sahsa Malika
Tidak ada komentar:
Posting Komentar