Assalamualaikum wr.wb
Alhamdulillah alhamdulillah hi robbil alamin
Wabihi nastain alla umurid dunya wadin
Wasollatu wassalam alla asrofil ambiyaki wal mursalin
Wa alla allihi wasihbihi ajmain ama ba du
Nuwun, kawula nuwun.
Ingkang dahat kinormatan ibu ketua dwp cabdin wil.Bjn
ingkang pantes pinundhi -pundhi saha kinabekten.
ingkang hanggung mastuti dhumateng pepoyaning kautamen
Ingkang dahat kinurmatan ibu ibu pengurus saha ibu ibu ketua paguyuban dwp sma smk PKLK sa wilayah bjn.
Ibu ibu nuwunsewu saderengipun kawula nyadhong duka
Dene kula cumanthaka kumawani ngadeg ing ngarsa panjenengan.
Ndherek hanggempil kamardikan panjenengan sawentawis wekdal...
Kula piniji hanjejeri minangka pranata adidara keparenga hambuka acara mratitisaken murih rancaking titilaksana adicara ing dinten menika
Kamis,..17 agustus 2018 (contih..) ing acara pertemuan dwp cabdin wil bjn "
Ibu ibu mangga sesarengan manungkul puja-puji-santi wonten ngarsaning Gusti Ingkang Maha Suci,
Ingkang sampun kepareng paring rahmat lan nikmat gumelaring alam agesang wonten madyaning bebrayan agung.
Katitik rahayu sagung dumadi tansah kajiwa kasalira dhumateng panjenengan sadaya dalasan kawula ,
Saengga kita saged nglodhangake wekdal saha penggalih hamenakaken wanci saperlu rawuh kempal manunggal ing aula menika kanthi sehat tanpa rubeda menapa
sholawat sarto salam tansah konjuk dhumateng junjungan kita
nabi agung Muhammad Saw ingkang kita antu2 syafaatipun wonten ing dinten yaumul qiamah.
Ibu ibu..,kepareng ngaturaken reroncening tata adicara ingkang sampun rinancang rinacik rinumpaka nggih menika
.
1.pambuka
2.kumandhange lagu mars dwp saha hymene dwp
3.laporan laporan
:-)ekonomi
:-)sosial budaya
:-)pendidikan
:-)bendahara
4.
Wedharing pangandikan utawi pembinaan saking panjenenganipun
Ibu ketua dwp cabdin wil.bjn
5.penutup
**
Ibu ibu minangka purwakaning
Adicara kaping setunggal inggih menika pambuka , monggo kita bikak kanthi waosan basmallah sesarengan, ....
matur suwun .
2.
Adicara kaping kalih inggih menika kumandhange lagu mars dwp saha hymene dwp
Katur panjenenganipun ingkang kajibah dados direjen
Ksumanggaaken., . ..
Ibu ibu katuran jumeneng sawentawis ....Matur suwun.
3.
Adicara ingkang kaping tiga inggih menika
laporan bidang bidang
1. Bidang ekonomi
2.Bidang sos bud
3.bidang pendidikan
4.bendahara
Katur penjenjanganioun kasumanggaaken .....
Matur suwun.
4.
Adicara ingkang kaping sekawan inggih menika atur
Wedharing pangqndikan utawi pembinaan saking ibu ketua dwp cabdin wil.bjn
Katur panjenenganipun ibu sulistyowati sumiarso kasumanggaken ...
Matur suwun .
5.
Adicara ingkang kaping gangsal inggih menika Panutup.
Monggo kita pungkasi adicara ing siang menika kanthi waosan hamdallah sesarengan . Allhamdulillahirabill alamin. Matur suwun.
**
Ibu ibu reroncening adicara sampun kalampahi mracihnani bilih titi laksitaning adicara pepanggihan ing dinten punika sampun paripurna.
Anamung saderengipun kula ingkang piniji ndherekaken lampahing adicara, mbok bilih kirang anuju prana saha wonten tindak tanduk ingkang kirang nengsemaken, kanthi andhap asoring manah kula nyuwun gunging samodra pangaksama.
Wusana, ngaturaken sugeng kundur mugi tansah rahayu ingkang sami pinanggih.
Wassalaamu’ alaikum warahmatullaahi wabarakaatuhu .
Tidak ada komentar:
Posting Komentar