1.Urip iku peparing adi
Jlentrehe...
Ing alam bebrayan iki
Samubarang bisa lumaku kanthi becik
Amerga ana tatanan lan paugeran
Kang dadi pedhoman ngaurip.
Ora usah kepengin nyoba
Dadi kaya wong liya
Kudune tansah nggondheli
Marang kapribadene dhewe
Ora ana manungsa sing sampurna
Kabeh duweni kaluwihan uga kekurangan
Sing mengkone bakal saling *melengkapi
Antarane siji lan liyane.
2.Wujud kaberkahan lan kanugrahan
Saka GUSTI pangeran
Iku bisa arupa kesarasan awak
Lan kelancaran pakaryan
Senajan peningkatan ekonomi
Durung bisa nyenengake
Sing penting cukup kanggo urip sapadinan
Lan tetep nggedheake rasa syukur...
3.Sabar iku mapane ana ati
Sing iklas ....
Bisa ngadhepi samubarang
Kanthi kaweningan batin
Ora kebrongot ing kanepson
Sing pungkase bisa keduwung
4.Padha bukak usaha dodolan
Padha barang sing diadhepi
Yagene rejekine beda?
Ora usah gumun
Kabeh wis ditata GUSTI
Senajan mung sethithik
Yen disyukuri..
Yen diutuni ....
Mesthi mbarokahi..
Aamiin
5.Tekade wae sing kudu dikencengi
Senajan usahane sasuwene iki
Isih durung ana tandha-tandha nyenengake
Tetep iklas anggone makarya...
Lan ngudi murih ana dalan
Kanggo mbukak lancare kanugrahan
Kanthi khusuk ing panembah
Aja pethal jroning ngibadah
6.Wong atine serik lan srei
Iku kaya-kaya angel mari
Kapan wae ya panggah usil
Seneng nglarani atine kanca
Sing dianggep dadi saingane dhewekne
7.Wong seneng maido liyan
Iku prasaku wong kurang penggaweyan
Ya wis ben ta pancen kemampuane sakmono
Anggite ya pengin kados panjenengan
Sing hebat samubarang mumpuni...
8.Dadi wong pinter iku piye ya rasane?
Omong sak omong kok kaya entheng banget...
Nyalahke kae
Maido kene
Nyatur kono
Ngritik iki iku...
Kabeh kok ora cocok
Sembarang kok salah
Lha.,,,mbok panjenengan wae sjng ngrantasi
Jal...beres apa ora?
*alahem
9.Ana unen-unen
Wong ngalah iku
dhuwur wekasane
Ujar sakecap
Laku satindak
Tansah ati-ati
Nengenake karukunan
Guyub tanpa congkrah
Ya wis ben.....
Diarani lugu lan bodho
Ning ora nate gendra
Njaga toleransi
Jroning urip ing bebrayan agung
10. Yen dinane iki
Ati rumangsa bungah
Mbokmenawa...
Ing tebih kana
Ana donga saka ati
Kang tansah caket
Mring donga pamuji
Lan Gusti kersa ngijabahi
Bunda Lestari Sahsa Malika
100918
Tidak ada komentar:
Posting Komentar