1.Sapa wae nate nemahi masalah
Njur ndadekake pikir lan atine susah
Satemene panandhang iku
Bisa mulang muruk anuju kadewasan
Wusana kasinungan rasa pangrasa
duweni rasa trenyuh welas lahir lan batine
Marang wong liya kang butuh pitulungan
merga kelingan lelakon urip sing padha
2.Omong sakecap
Tembung saklemah
Kudu dipikir dhisik sadurunge kawetu
Awit yen mung kadereng rasa serik
Lan panase ati kang kebrongot nesu
Bisa nuwuhake katiwasan kang drawasi
Gedhene bisa getun keduwung
Pungkasane ngrubedha katentreman batin
merga keprucut omong sing ora patut
3. Sanalika pancen bisa aweh pamarem
Jroning ati kang lagi srengen
Bisa nguntapake dayaning hawa nafsu
Marang wong sing dianggep gawe gela
Nanging samangsa lerem atine
Bakal getun lan balik nutuh marang dhiri pribadhi
Yen satemene mung mbuwang energi
Kang Tanpa ana gunane..
4.Guneman sethithik nanging mentes
Aja umeg grombyangan lir tong kosong
Becike nengenake kaluhuran pakerti
memikir rangkep sadurunge ngendikan
iku kang tumrape urip bebrayan
bisa aweh katentreman lan rasa adhem
kang gedhe tumrap wong sing gelem mikir.
5.Manungsa iku kejaba wujud badan wadhag
Uga duweni pancadriya lan osiking ati
Kabeh mau kudu bisa kompromi kanthi apik
Murih ginayuh karahayuning urip
Polah lan tingkah nut swara ari nurani
Aja nganti laku ngiwa padhatan iku kliru
Mula penting banget bisa ngrungokake osiking ati
6.Lelakon urip iku nut ilining rasa
Satemene bisa dadi guru sejati
Kepriye mungguh tansaya prigel
Mrangguli maneka prakara kang ribet
Mula aja seneng mandheg lan pupus
Anggone ngudi undakaning kawruh
Mecaki margi panguripan
kang ora mesthi lempeng
Anuju kasampurnaning laku utama
7.Nggetuni kaluputan iku lumrah
Ning aja nganti pokak semangate
Ora ana wong sing ora duwe salah
Wedi kliru iku ateges wedi nggayuh kemajuan
Lan iku pakerti sing ora becik
Mesthine bisa kanggo pamecut dhiri
Bisa Luwih semangat ngudi kasuksesan.
8.Pengangen konjem
Nggagas panandhang jiwa
Apa iki dayane ati kepranan
Marang sorot netra merak ati
Keli ing tlaga madu retna
Kebak sih palereman ing rasa
Aku ora bisa selak marang kangen iki
Solah bawa Ngalela ing gisik kalbu
Kemembeng banyu netra
Ngampah kangen datan kuwawa muni
9.Omah cilik sangisore pring ori
Pinaes pucuk pring tumiyung
eba tentrem ing pangrasa
Edhum katon asri
Angin semilir ngobahake gegodhongan
Kaya andum warta saka anak lanang
sing sengkut ngudi ilmu ing tebih paran
Muga kasembadan kang sinedya
Tan kandheg ibu ndedonga ya ngger..?
Dhuh woting ati
Nglengganing jiwa kang daktresnani
Aku kaya Kelangan rasa mecaki dina
Tanpa ngerti pinggiring wayah
Suket teki wis malih garing
Isih daksimpen dadi bebundhelaning jiwa
rembulan pucet kelangan esem
Panggresah kandheg ing batin
pepesthen iki daklakoni kanthi lila
10.Dakseleh sayah ing pangkon jiwa
Katresnan dudu dolanan
Yen pangerten wis ora katampa
Kaya nyawuk angin ing tritis awan
Ya wis aku pamit saka atimu
Lara ati kudu dakprangguli
Pindha rel kiwa tengen
mung winates ing panyawang
Selawase ora bisa nyawiji
Kamangka tresna iku suci...
Bunda Lestari Sahsa Malika
100918
Tidak ada komentar:
Posting Komentar