1.Ing esuk kinemulan pedhut
Pengin dakulati maneh
Wewayanganmu sing sesingitan
Nasak taman pangimpen mau bengi
Garis-garis esemmu katon kusem
Klawu sinempyok lamur dalu
Mlintir pangrasaku tanpa wates
Nanging aku ora kuwawa negesake warta
Kang tinugel swara jago kluruk kapisan.
2.Menangi jaman reja
akeh sing padha rebutan rajabrana
Pating balilung tanpa jluntrung
Kalimput ing tumindak nistha
Bejane wong sing eling lan waspada
Tetep mlaku ing margi utama
Prasasat tapa ing alas coba
Kebak lathi manis kebak wisa
Kang nylamur ing sadawane laku
3.
Ilang-ilangan
Nggoleki nganti kliyengan
Mbokaja ngece
Lungguh sing anteng...
Dimen atiku seneng
*signal
4.Acarane ngukur dalan
Waarr werrr tanpa wegah
Ndherek mangayubagya dinten reja
Marang sanak kadang
Ingkang kagungan kersa ing sasi becik
Disyukuri mawon
Merga rejeki mono ora mung rupa yatra
Ning uga sugih kanca
Kanthi lila asung donga lan pengestu
amrih lancar tanpa rubeda
5.Suara adzan ing wektu iki
Ngelingake aku marang Gusti
Ingkang maha wikan
Urip ing kalane bisa ngrubuhake rasa
Marang lelakon kang nrenyuhake
Lir lelayaran ing ambane samodra
Kudu kuat lan sumeleh ing pepesthen
Nyuwun sih kawelasan paduka Gusti
Dimen tangguh ing rinten lan dalu
6.Kidul kae tapel wates desaku
Saka kadohan pucuk pring ngawe-awe
Papan palereman dalah keluwargaku
Rasa adhem lan tentrem tansah rineksa
Aweh pangayoman saka panase njaba
Omah cilik ginawe saka kuwating rasa
Kang dakrakit selawe taun kapungkur
Ngajab kasantosan temeka kaken ninen
7.Surup dalu nggiring getir rasa
Angin tetembangan kanthi tidhem
Nglangut...
Sorot netra sempyuh ing luh
Ngudarasa mring panelangsa
Dumadakan langit sakala peteng
Ngrumpaka tatu-tatu lawas
Manjila mendhung angendhanu
Nratap ajrih jroning dhadha
Sandikala iki ngudal wirang rasa
8.Podang kuning agawe pikirku koming
Seret ireng tak sawang tambah manise
Iba bungah
yen klakon nyandhing slirane
Ora bakal atiku kegiwang liyan
Yen si podang andudut ati kepranan
Ora mendho atiku tansaya ndodro
Tak sranani sun pikat pulute beda
*Lirik lelagon Podang Kuning
9.Srengenge meh wae angslup
Kijenan ing walik mega klawu
Godhong waru gogrog kemleyang
Kabuncang dening samirana
Ah.. .geneya atiku krasa liwung?
Keplantrang ing pereng wektu
Nglari warta ing larik gurit
Sepi sepa tanpa umpama
Anane mung tatu kalungse
Rinengga ing pojok kalbu
10.Seser idering laku
Nguber impen-impen
Ing sauruting lurung panguripan
Marang pepenginan datan ana lerene
Kringet nganti deres riwe
Betheke mung golek cukup
Kanggo Sarina sedalune....
Ngudi Keberkahan
Lan ridhone Gusti kang maha kuwasa
Bunda Lestari Sahsa Malika
100918
Tidak ada komentar:
Posting Komentar