1. Yen seneng nulis nganggo basa jawa
Saorane ya kudu ngerti ejaan sing bener
Ora ateges kula criwis
Ning yen ngerti ana kanca
Ndremil lewat beranda
Rasane kudu ngandhani ?
Yen ejaan kuwi durung trep
Ning kuwatir diarani keminter
Njur kapasitasku apa kok aruh-aruh bereng😄😄😄🤪
2.Ketiga dawa agawe kekesing jiwa
Atis mudhun ing paturon
Mijil kasepen tanpa umpama
Rembulan tumangsang ing pucuk mega
Tansaya tintrim nylamur sasmita
Nggugah dhuhkita jroning nala
Driji ora kuwawa nyegat iliine luh
Dleweran ing tlapukane netra
Ngenam mayuta panelangsa
3.Endahing katresnan iku mapan ing rasa
Sapa wae tan bisa selak yen ketaman asmara
Pikiran nglambrang kedlarang-dlarang
Anane mung kepengin sesandhingan
Mecaki dina poyang-payingan tan rinasa
Donya sepi tanpa kanca
Kajaba caket mring kang sinedya
4.Sandhang penganggo biasa wae
Kareben ora kabotan ing ubarampe
Akehe nuruti pepenginan sing ora ana entek'e
Pantes lan sopan iku ukurane
Aja mung Nguber gebyar wah..
Sing samadya muga anuju prana
Marang panyawang netra ....👍
5.ayem lan tentrem iku pepenginan kabeh wong
Ning kanyatan asring adoh saka kekudangan
Urip asring nemahi pacoban kang ora ana lerene
Muga wae ati isih bisa nyikapi kanthi sareh
Lan ora mokakake semangate ngudi katentreman ngaurip
6.Handulu bagaskara ing sandikala
katon resep ing kedhep netra
Rupa jambon manda jingga
Angin silir-silir tanpa leren
Bocah playon ing dalan lan galengan
Ngundang angin gedhe
Ngumbulake layangan gambar kupu
Pepayon langit biru asesolak mega
Kekidungan nuwuhake katentreman ati
Mring urip prasaja ing padesan
Esem-esem jroning sapa aruh sadawane dalan
Wiwit pojok kidul nganti lurung cedhak kali
Kabeh isih asring gojek jejagongan
Tanpa winates pager dhuwur lan sugih miskin
Suwasana gemerah lan grapyak semanak
Iki kang ana ing ndesaku...💕💕👍
7. Akeh kegiatan
Akeh buwuhan
Acarane ngukur dalan
Waarr werrr tanpa wegah
Ndherek mangayubagya dinten reja
Marang sanak kadang
Ingkang kagungan kersa ing sasi becik
Disyukuri mawon bules...
Merga rejeki mono ora mung rupa yatra
Ning uga arti bungah awak sehat
Sugih kanca sugih donga
Kanthi lila asung pengestu
Keraya-raya dugi ing dalemipun
amrih sedaya pinaringan lancar tanpa rubeda
Salam salim silahturahmi...💕💕🙏
8. Kembang kaca pinaes ing netra
Kemembeng meh wae ambyar
Nylamur ing panggresah jiwa
Pangeling-eling ngegla ing dhadha
Mbebeda pangrasa mring kenangan
Sing saiki kabur kanginan
Bareng sliramu kang wis suwe lali
Marang prasetya lan janji.
9.Suara adzan ing wektu iki
Ngelingake aku marang Gusti
Urip pancen ing kalane ngrubuhake rasa
Marang lelakon kang nrenyuhake
Isih ana kasantosan kanggo mecaki dina
Lir lelayaran ing ambaane samodra
Kudu kuat lan sumeleh ing pepesthen
Saka sih kawelasan paduka Gusti
10. Kidul kae ing pinggir kali
Ana omah cekli lan asri
Saka kadohan pucuk pring ngawe-awe
Papan palereman aku lan keluwargaku
Rasa adhem lan tentrem tansah rineksa
Aweh pangayoman saka panase njaba
Omah cilik ginawe saka kuwating rasa
Kang dakrakit selawe taun kapungkur
Ngajab kasantosan temeka kaken ninen
Bagya mulya tansah kasalira sakulawarga
Tan kendhat anggonku memuji
Ing siyang lqn ratri
mugi Gusti ALLAH paring idi lan amberkahi
Aamiin yaa robbal alamin...
**
Happy anniversary ,lup u ayankpapi💕💕
04 September 1994
04 September 2018
Alhamdulillah...Maturnuwun Gusti
SEDAYA ANUGERAH PADUKA💕💕
Bunda Lestari Sahsa Malika
100918
Tidak ada komentar:
Posting Komentar