Senin, 10 September 2018

4.WASITA ADI @BUNDA SAHSA

1.Mecaki lurung wektu
Mangsa katiga ngerak
Anane mung panas ngalad-alad
Urubing dahana mapan ing dhadha
Tansaya mbulat-bulat
Ngegla ing netra lan lathi
Ngobong alusing budi pakerti
Lali marang luhuring jati dhiri
GUSTI
Nyuwun tetesing sih paduka
Marang Manah ingkang *umub
#Bules

2.Basa jawa pancen duweni kosa kata
Ingkang kathah mulane basa jawa iku sugih 
Dening maknane mung siji ning arane seje
Contone >> lungguh
Njungok
Pinarak
Ndhoprok
Thenguk thenguk
Theruk theruk
Ndhodhok
Setimpoh
Ndhoglog
Sila
Jegrang
Nglesot
Nglempoh
........
.......lsp

3.Urip kanthi prasaja
Mesthi bakale nemahi ayem
Pengasilan lan pengeluaran
Sabisane kudu diatur
Dimen ora kabotan
kebutuhan lan pepenginan
Kudu pinter pinter metung
Ora kabeh karep dituruti
Eling dinane isih dawa
Aja nganti keduwung tembe mburine...

4.Kabeh titah duweni lelakon urip
Kedadeyan sing gawe pinggete ati
Pancen suwe ilange saka pikiran
Ya ing kene iki .....
Bisa sinau mujudake kadewasan dhiri
Kanthi wicaksana bisa nyikapi
Lan gedhene bisa instropeksi

5.Meksa ati kudu bisa narima
Marang kanca sing rese
Iku bisa nuwuhake perang batin
Lan anjalari sesaking dhadha
Ning.....
Kudu eling yen nggugu rasa
Pangigit-igit ing jroning ati
Satemene  bisa ngobong kabecikan
Sing sasuwene iki wis ana.......

6.Munggah mudhune pikiran
Bisa ngedhemake ati panas
Ora ana wong sedhih sateruse
Yen ora dikawiti saka saiki
Mesthine atine dhewe sing bakal rusak
Ora ana masalah sing ora ana solusine
Atine wae sing jembar nampa saran
Saka kanca utawa kulawarga

7.esem kang tulus saka ati
Iku pindhane suluh ing pepeteng
Bisa gawe bawerane kahanan
Mring ati kang gemuleng sedhih
Mula becik yen tansah asring ngemong pangrasa
Aja kebacut ing lara ati

8.sapa wae mesthi seneng duweni kanca
Kang tansah sumeh lan semanak
Ing cedhak dhewekne krasa nyenengake
Samubarang katon gumbira
Ora ana awu-awu lan pamrih
Mula ing samangke angel banget
Bisa methukake kanca sing mengkono
Anane mung golek untunge awakke dhewe
Lan asring diarani wong egois

9.ati iku papane sakabehaning rasa
Seneng lan sedhih bisa sawayah teka
Becike samubarang sing samadya
Dimen bisa nyikapi kekarone kanthi cerdhas
Ora klimpungan angrerintih nalika sedhih
ora kebacut bungah yen kasinungan anugerah
Eling lan waspada iku kang utama

10. Ora ana wong seneng ing kekurangan
Lumrahe kabeh mbudidaya
amrih uwal saka kacingkrangan
Dene asile pancen wis diatur Gusti ALLAH
Ora usah akeh ngersula
Usaha lan donga wae sing diakehne
Dimen atine adhem ayem tanpa panggresah
Gusti maha murah

Bunda Lestari Sahsa Malika
100918

Tidak ada komentar:

Posting Komentar