1.Urip iku sarwa nyawang
Ana sing peteng uga padhang
Kabeh wis dadi panandhang
Muga bisa amecaki dalan dawa
Kanthi wening lan wicaksana
Senajan ta....
enggokan lan rumpil tansah ana
Tetep madhep mantep tanpa tida-tida👍💕
2.Nyoba milah kanthi wening
Apa ta sing dadi punjering
Reruwet kang mapan ing batin
Supaya laku bisa anteng
Saorane endha saka sesandhungan
Kang ngadhang sadalan-dalan
Jroning ngupadi kabagyan.
3.Reracik kopi wanci awan
Angambar ginawa angin
Saka omah cilik pinggir dalan
Kopi ireng Nuwuhake inspirasi
Urip pancen kaya aruming kopi
Nyenengake lan gawe marem
Marang sapa wae sing seneng
Bener kandhamu
Ngudheg kopi sendhoke mung siji
yen wis janji aja nganti besuke lali.
4.Oh....ya wis ngerti saiki
Khawatir kliru je
Yen wis jelas ngene kan
Sawayah-wayah ora wedi salah
Jian....
Dadi wong cubluk kaya aku iki
Samubarang kudu ati-ati
Kareben ora nuwuhake masalah
Merga salah omongan.
5.Suluh satlenik ing ati alit
Ing kalane mendrip-mendrip
Keterak semiliring samirana
Dakramut kanthi sagegem kapitayan
Amrih sumunar ing obahe jaman
Kandhamu
Ilining kemajuan
Akeh sing wis kelangan
Edining pakerti kang peni
Marang krenteg batin iki
Dakpuji sastra jawi lestari
6.Duweni ati sing sabar
Tansah sumarah lan narima
Iku ya ora gampang
Ning yen tansah nglatih dhiri
Samubarang disikapi kanthi positif
Mesthine bisa ngendhih pikiran negatif
Urip krasa entheng tanpa sanggan
Bahagia lair batin bakal karengkuh
*aamiin
7.Undhakane pakerti positif
Iku nglewati proses
Ora segampang omongan
Kayadene nggayuh kanugrahan
Iya mbutuhake tirakat lan laku
Dimen bisa meper dhiri
Bisa nggrayangi kekurangane
Sing sasuwene iki katutupan ego
ing kono bakal tinarbuka batinne
Lan Ngrumangsani mung titah lumrah
8.Pucuk pring montang-manting
Kumlawe ngawe-awe tyas iki
Nelungake rasa kapang
Marang kenangan
Sing sasuwene iki daktali
Ing ros-rosaning batin
Embuh
kapan bisa tumiyung??
Dakanti ing pereng wektu
Senajan ta rekma
Iki wis malih rupa
ati iki isih nandhang rasa
*bules,090818
9.Urip iku bisaa mardika lair batin
Tata lair >
bisa nyukupi kebutuhan urip
Kanthi atusing kringet
lan ora dadi sangganing liyan
Dene kamardikan batin>
ngupaya nyingkiri hawa nepsu
adoh saka asor nistane pambudi
Sepi ing rasa melik lan dengki
uga tuhu marang Gusti Pangeran
10. Maturnuwun atas apresiasi
Saking panjenengan
Ingkang remen seratan kula
Mligi Ngangge basa jawi
menika saged dados pamecut
Anggen kula nyuntak rerasan batin
Arupi puisi, gurit lan sangu leladi
Mugi driji lan manah kula *sinkron
Remen Ngripta gurit ingkang lungit
nuwun💕👍
Bunda Lestari Sahsa Malika
100918
Tidak ada komentar:
Posting Komentar