1.Panase kok kaya ngene
Ya wis katon bentere suryane
Sarinane sawengine
Mung ngrasake panase kaya ngene
Larang udan larang pangan
Sabendina mung tansah keloyongan
*lirik lagu larang udan
2.Ketenangan batin iku
Mungguh diaji.
Jian larang tenan regane
Pikiran anteng kitiran
Ati judheg ora karuan
Isine mung uring-uringan
Ora jenjem tansah klisikan
Apa sebabe?
Merga atine durung semeleh
Durung bisa nrima kahanan
Pungkase ragane bisa rusak
Merga jiwane kemrungsung
3.Yen gelem sinau
marang pralampitaning pari
Tansaya mentes isine
Kepara meneb lan ndhingklug
Ora dangak kaya pari kopong
Iku mertandhani
Bisa nerapake Laku kang utama
Apa wae kang ditindakake
Bakal antuk kaprabawan Gusti
Urip kang manfaati mring sesami
4.Sing dadi underaning prakara
Yagene asring duwene ati gela
Satemene tuwuh saka atine dhewe
Atine gampang pokak
mung merga omongan sepele
Njur tersinggung lan dadi satru
Yen iku dadi pakulinan
Kabeh bakal wegah srawung lho
Wedi kena sawabe
katut di arani tukang gegeran,..heee
5.Sing njalari sastra jawa
elok kepara gawe sengsem
Iku merga saka wosing gati
Kang jumbuh karo kahanan
Akehing tema sing katulis nyata
Lan separone ngenani pasemon /simbolik
Sing ora saben pawongan bisa
Lumrahe penulis saka profesi guru
Utawa wong biyasa sing nresnani sastra
6.Rodha panguripan iku muter
Tansaya dina saya banter
Kudu duweni gegondhelan
Kang teguh marang kapitayn
Dimen slamet teguh rahayu
Aja mung anut grubyug
Sing ora jelas tujuwane
Suk-sukan ....
Dhesek - dhesekan
Jer pungkase urip
Kabeh nut garising pesthi
Mbok sing sareh atine
7.Jangkah magita-gita
Nguber playune wektu
Bola bali pandom jam
Dadi alasan obahing laku
Awan dadi wengi
Esuk dadi sore
Muser jer kesasar
Tekan jagad pangumbaran
Sambate ngaruara
Nglarung ambisi ing endi?
Nyatane kekarepan
miber tan bisa nglari
Ngleggana ing madya ratri
8.Jare sapa ing ndesa
Ora ana apa apa
Wayah iki lagi nedhenge brahi
Pager racak lan penghijaun asri
Umbul umbul rontek kemayu
Kumlebat ing langit ndesaku
Lampu penjor kelap kelip
Nambahi ayu wanci dalu
Ora ana beda karo kutha
Warga gumbira nom tuwa
Kabeh sayuk ing dina merdika
9.Senajan mung kijenan
Ing tlatah awang awang kene
Aku ora sumelang
Nglewati pirang pirang pepalang
Saka panasing kahanan
Dhewe emple ngenam ukara
Kang dakjejer ing larikane gurit
nut kumlisiking ati tanpa leren
BISMILLAH wae
isih ana kekendelan
Saking Gusti kang maha wikan
10.Seneng iku mapane ana ati
Sapa wae ora dikeparengake meri
Merga pengerten maknani kabahagiaan
Antara kula lan panjenengan mesthi beda
Yen kula sqged tangi turu njrantal
Ora nganggo ngelu utawa linu
Senengku wis ora kaprah
Anak lan bojo sehat rejeki cukup
Alhamdulillah💕💕👍
Bunda Lestari Sahsa Malika
100918
Tidak ada komentar:
Posting Komentar