Sabtu, 29 September 2018

10>> WASITA ADI @BUNDA SAHSA

1. Surup dalu nggiring getir rasa
Angin tetembangan kanthi tidhem
Nglangut...
Sorot netra sempyuh ing luh
Ngudarasa mring panelangsa
Dumadakan langit sakala peteng
Ngrumpaka tatu-tatu lawas
Manjila mendhung angendhanu
Nratap ajrih jroning dhadha
Sandikala iki ngudal wirang rasa
Srengenge meh wae angslup
Kijenan ing walik mega klawu
Godhong waru gogrog kemleyang
Kabuncang dening samirana
Ah.. .geneya atiku krasa liwung?
Keplantrang ing pereng wektu
Nglari warta ing larik gurit
Sepi sepa tanpa umpama
Anane mung tatu kalungse
Rinengga ing pojok kalbu

3. Seser idering laku
Nguber impen-impen
Ing sauruting lurung panguripan
Marang pepenginan datan ana lerene
Kringet nganti deres riwe
Betheke mung golek cukup
Kanggo Sarina sedalune....
Ngudi Keberkahan
Lan ridhone Gusti kang maha kuwasa

4. Kaca iku mantulake apa kang ana ngarepe
Ala lan becik ora bisa dipaeka
Mula becike tansah bisa mulat salira
Aja gedhe rumangsa marang gunggunge liya
Sing diarani ayu aja kemayu
Sing diarani bagus aja gemagus
Sebab biyasane mung abang-abang lambe
Padhatan mung lelamisan wae....

5. Nenacad sing tujuwane ngudal ala
Iku penggaweyane sing rugi
Kang bisa wae diarani lambe turah
Ora duwe penggaweyan liya
Ilate keri yen sedina durung ngrasani
Anggepe dhewekne apik lan bener dhewe
Ora ngerti yen satemene mung mbuwang
Wektu lan tenagane muspra tanpa guna

6. Ala tanpa rupa
Ning bebuden luhur
Yaiku rama semar
Nduding ateges waspada
Nggegem ateges meneng
Kalung klinthing ateges tengara
Pusaka mesthine manjing warangka
Ora lanang ora wadon
Simbole rohani manungsa
Memayu hayuning bawana
Sumebyar pindha baskara

7. Sore ing madyaning Kaendahan taman
Kembang mekar Kapaes asri  ing pandulu
Kelangenan para pawestri lan widodari
Aku Katrem ing antarane arum kembang
Gegodhongan kumlawe ngawe awe

Angambar amrik gandane arum
Remesep jroning kalbu..?
Maturnuwun ..GUSTI

8. Samirana semribit wanci sore
Nalika mapak angslupe surya
Kumlawe ngelus tyas iki
Takgegem kapitayan sing isih keri
Senajan mung satlenik
Takugemi temeka saiki
Pindha kinemulan pedhut lelimengan
Kelingan slirane kang nyidra ati
Puluhan taun kapungkur
Nalika yuswa isih tumaruna

9. Urip ing rejaning jaman
Pindha ing alas gung liwang liwung
Adoh lor adoh kidul tanpa rowang
Aja gupuh aja bingung
Ora bakal kelangan dununge lurung
Waton tansah eling
Sumendhe marang kang peparing
Gegondhelan kanthi kukuh ing iman
Mengkone bakal slamet ing tujuwan

10. Yen iman wis ucul saka ati
Akehe padha mbingungi
Wedi kelangan ing kasukan
Ngrumpaka bandha donya
Direwangi adol lamis
Ngudang setan jejogedan
Ngglandhang keyakinan
Oncat saka santosaning kapitayan
Kang mapan jroning dhadha

Bunda Lestari Sahsa Malika
300918

Tidak ada komentar:

Posting Komentar