1.Ilat tanpa balung
Yagene landhepmu ngedap-edapi
Sapa wae bisa godres kena sabetanmu
Senajan cililk katon ora ndayani
Bisa mbilaheni ing sesrawungan
Kepara bisa nugel paseduluran
Uga bisa ngobong kahanan
Urip tentrem ing Bebrayan
Malih ora karuan
Ya merga obah polahe ilat..,
2.Sejatine akeh banget
piwulang lan pitutur becik
kang bisa kapathik ing urip sapadinan
Contone wae
Saka wong sing lagi gething
Dhewekne bisa nacad lan nguni-uni
apa anane tanpa sungkan
Ya Ing kene iki bisa nggugah pakerti
Lan yen gelem tinarbuka
Bisa dadi pangilon kang nyata
3.Ana wong kok omongane sengak
Ora usah diimbangi padha sengak'e
Prayoga ditanggapi kanthi sareh
Sing bisa ngendhalekake dhiri
Atine Aja katut panas
istigfar sing akeh...
Patrap becik bakal katitik
Ora apa-apa diarani jirih
Merga meneng lan ngalah
Isin yen kondhang pinter padu?
4. Sapa wae mesthi ngupadi
dununge rasa marem lan tentrem?
Awit saka angele mapanake rasa
Jalaran wis akeh sing kelangan syukure
Mula kudu tlaten ngolah budi.
Aja gampang sesambatan
Amrih gorehing pikir bisa lerem
Lan panandhang bisa kasangga
Kanthi entheng
<bules>
5.Samubarang kudu dipikir
Aja waton komentar
Sadurunge ngerti kanthi cetha
aja kesusu ngatonake rasa sengit
Apa maneh nganti nacad
pikiran manungsa iku
tansah mobah mosik
Apa sing saiki ndadekake gething
Bisa uga tembe mburine
Malah punjer senenge ati
Gething bisa nyandhing
6.Putung tegese coklek,tugel,pedhot,pokak
Padhatan digunaake kanggo ngarani kayu
utawa wit-witan sing coklek
Mangkane yen ana wong kok mogok
Purik,ora gelem nerusake karepe
Asring diarani MUTUNG
wis emoh diriwuk marang sedyane
merga atine wis kagol utawa gela
*aja mutungan ya?
7.Kahanan ndonya iki ora langgeng
Tansah mobah mosik
Yen ketunggon bandha
Yen kasinungan pangkat
Yen kadunungan drajat
aja rumangsa jumawa
“Sapa Sira Sapa Ingsun”
Tansah Eling .....
bandha mono sawayah bisa lunga
Pangkat drajad uga bisa oncat
Ora nganggo kandha-kandha
8.Tepa slira lan mawas dhiri
Iku sabisane tansah digladhi
Kanggo oboring laku ing sapadinan
Lan nggayuh rahayuning bebrayan
Minangka pakarti luhur ....
Bisa Nuntun ing margi kabecikan ngaurip.
9.Ati kang kebak welas asih
bisa nyedhakake rasa tepa slira
lan ngedohake watak kumingsun
Samubarang laku ora grusa-grusu
Ora seneng daksiya mring sapepadhane
ngrumangsani urip ora bisa ijen
Kabeh mesthi mbutuhake liyan
Yen ginanjar sugeh donya
aja anggak mundhak klenggak
10.Asring keprungu Piturur becik
Saka wong sing luwih yuswane
Marang para mudha lan putra
Sregepa mawas dhiri ngger....
Sliramu mengkone bakal weruh
marang kekurangan lan cacade awakmu
saengga thukul greged saka atimu
Kepengin ndandani kekurangan dhiri
murih dadi lan apike sliramu
Bunda Lestari Sahsa Malika
100918
Tidak ada komentar:
Posting Komentar