1.Seneng lan ora seneng
Iku urusane ati
Ora kena dipeksa
Apa maneh direkayasa
Ya wis ben....
Apik menurut panjenengan
Durung mesthi cocok kanggo liyan
Bisaa ngendhalikake obahe lathi
Aja sokglogok....njur alok
Bisa ndadekake congkrah
2.Apa sing daktulis
Ing tritis awan lan dalu
Pancen dudu wewadi
Ning amung rupa kembang pikir
Dakpaes ing dinding kaca
Sapa wae bisa maca
Ing pangajab bisaa nuwuhake rena
Marang endahing basa jawa
Kang tharik-tharik dakjejer
Ngunggar semangat angupaya
Ngrembakaning sastra jawa
3.Reroncen kembang pikir
Mbaka siji daktlateni
Mring jembaring tawang
Lilanana aku methik mega kae
Dhampyak-dhampyak ing langit biru
Rupa putih resik karengga
Nalika mapak tekane sandikala
Nyengsemke jroning jiwa
Aku katrem ing lelewamu
Panyawang netra
tumuju ing agsluping surya
4.Satemene dudu angslupe surya
Sing njalari aku katrem ing kene
Uga dudu gemulunge ombak segara
Ning bening sorot netramu
Kang banget ngeman marang aku
Uga edhuming parengkuhmu
Nalika aku butuh sumendhe
Saka lungkrah lan sayah
Astamu kang kebak tresna
Isih dakrasa sore iki?
5.Pucuk palem ing pinggir cendhela
Kumlawe ngipasake lelamunan
Angin sesondheran anjalari atis
Nyangking ibering kenangan
Kang suwe wis daklali
Sorene tidhem nglangut
Tatu lawas angrujit nala
Ya gene tekamu ora kandha?
Ing kene Aku ngrumpaka
Mring lereming jiwa
6.Esuk kang sumunar
Bagaskara anelah atis
Netepi janji nyebar cahyane
Ing tlatah basundara
Pedhut katon geglayutan
Tumangsang ing pucuk randhu
Anyaruwe lakune wektu
Binarung angin sumilir
Kahanan ndesaku tentrem
Among tani lan sanak kadang
Tansah adhem ayem
Maturnuwun Gusti...
7.Bun esuk ambyar
Ing cahya kang bingar
Gumilaring anjalari amrik
Ing pandulu netra
Estu gawe reseping jiwa
Dakulati kanthi bungah
Senajan ketiga durung purna
Rinasa nggandhang mangsa
Sawah pategalan lungkrah
Aja susah.....
Isih ana tirta paleraman
Saka ati kang kebak syukur
8.Wis dudu rahasia maneh
Tanpa tedheng aling aling
Ing endi papan
Ing endi wayah
Keprungu umeg regejegan
Rerembug saru
Adu argumentasi
Datan ana pungkase
Horeg padha sesumbar
njalari girising ati
GUSTI NYUWUN PENGAYOMAN
saking sedaya panase kahanan
*bules,120818
9.Mripat pating plirik
Ngupadi sisik melik
Ora preduli bledhug
Nempes pandulu
Ora dadi pepalang
adreng ngoyak tujuwan
Rasa pangrasa atos
Apa malih rupa watu???
*bules,120818
10.Snau basa jawa kang asring
Digunaake ing larikane gurit :
Kayun >> karep
Paeka >> pikiran ala /akal jahat
Tyas >> ati
Dhuhkita >>sedih ,susah
Pramudhita >> bungah ,beja
Delanggung >> dalan
Aldhaka >> gunung
Samirana >> angin
Kemba >bosen,jeleh
Bunda Lestari Sahsa Malika
100918
Tidak ada komentar:
Posting Komentar