Selasa, 01 September 2020

LUNGKRAHING ATI gurit saceblok ukara

Swara batin angrerintih
Nelakake sayah lungkrah ati
Yagene..kudu kasidhem kumlisiking rasa??
Satemene ora ana sing mrucut
Kridhane samirana kang mlintir pategaran jiwa 
Kepara ngrubuhake kapitayan kang katandur Wiwit plethek srengenge 

Lerema sauntara...dhuh ati
Sangisoring kembang tresna
Masiya ketiga dawa....
Ora ngira kasatan tetesing asih kang satuhu aweh pangayoman 
Sarina sawengine...

Bunda Lestari Sahsa Malika

Tidak ada komentar:

Posting Komentar