mecaki lurung panguripan
Apa wis cukup sangu
sing bakal takkanthi mulih
minangka teken suluhing ati?
Pecak jangkah kesandhung-sandhung
Datan dadi sanggan
endahe kidung ati
manjer ing telenging kalbu
Ngranuhi dhadha gemuruh tanpa leren
kedlarang-kedlarang
sempoyongan tanpa rowang
kijenan ing tlatah pangumbaran
adoh lor adoh kidul
sepi....
sauntara rodhane wektu terus munyer
senajan kebak tatu
isih saguh daktulis edining crita
Mbokmenawa sesuk bisa dadi panglipuring nala
Bunda Lestari Sahsa Malika
Tidak ada komentar:
Posting Komentar