Tekan cedhak rel kepanggih tangga sing mulih tilik sawah,,saka lor taksawang bulek ngindhit kedhele mlaku ngulon ing galengan,,
Bareng nyedhaki ratan,bulek sah mencolot mlangkahi got/kalen ,,ndilalah kok ora pas ta,?? Dadi sikile kiwa niba ing banyon,,
jebruk....wadhuhh🤭🤭
Aku sing meh cedhak ya gage mudhun saka sepedha motor njur nulungi,
"Lho..bulek ,pripun Niki wau kok saged dhawah,ati-ati bulek,ngaten niki lak gupak linet, njngna" karo tanganku ngranggeh bulek Tangi saka misri sing banyune nyemek-nyemek rondok bening .
"Lha ya ta ndhuk,,biyasane ya pas sikilku nek mencolot Iki maeng kurang amba nek ku njangkah," semaure bulek sawise mentas saka kalen,karo ngresike reged linet ing dastere nyawuk banyu saka kalenan.
Sauntara bulek resik-resik aku njumputi dhele sing morat-marit ing lemah.
Sikilku ya katut glutheh saem gupak linet,serikne aku Iki super emak ,dadi ya ra patiya wedi nek ilang ayune,njeblog-njeblok ing misri...huiu hii..hee.🤭
Sawise dhele rampung takjumputi taktali pisan njur takaturne bulek.
"Mangga bulek..sing ati-ati nitih sepedha mangke nek dhawah,napa kula terne mantuk,??"
"Ora usah ndhuk,taknumpak alon-alon wae,"
Semaure bulek sah,,karo nampani kedhele njur ditata ing boncengan sepedha.
"Ndhuk,,sampean doyan dhele,?"
Pitakone bulek sah karo ngodhosi dhele nom saka boncengane sepedha.
"Nggih bulek,, maturnuwun,"semaurku karo nyetarter beat kesayangan.
"Iki lho,mengko sampeyan godhok dhewe,,kanggo cemilan nek pak guru kondur,"omong ngono karo ndhelek dhele ing ngarep ngisor setir .
"Walahh....kok ngrepoti ta bulek,mboten usah hee..hee,"rekaku ya nolak alus 🤭mosok ya njur gage nampani.
"Ya wis ndhuk ya,aku takmulih numpak alon-alon,"
"Nggih bulek, maturnuwun lho,malah diparingi dhele bereng, Gusti Allah sing mbales,"
"Apa ya,,wong dhele wae kok glani men,Iki lek em nandur nok galengan kok ya tukhul apik,wayahe nggodhok ndhuk,,"
**Pelajaran sing bisa kapetik wsuk Iki,
Ora usah wigah-wigih aweh tetulung, samangsa bisa lan wektu uga tenaga mbelani ,lakoni kanthi senang ati,mesthi ana pikoleh sing disiyapke GUSTI.
Yen ora Saiki ya mbesuk utawa liya dina...
Lan esuk Iki kedhelene wis Mateng rasane legi kathik mentes.
mangga say all..sinambi lelenggahan ing beranda...♥️♥️😍👍
Alhamdulillah matur nuwun GUSTI Sedaya anugerah paduka 🤲🤲♥️
Bunda Lestari Sahsa Malika
Tidak ada komentar:
Posting Komentar