1.
TATU IKI
Reroncen kidung ati
kumlisiking kapang tetabuhan jroning dhadha sesriwetan binarung santering samirana
Ing pungkasing sasi juli
Tembang kapang angewuwung
Ning ya mung krasa ampang
Pindha wohing randhu sesondheran ing pang garing
Pokak ora kuwawa nyangga pangoyake kahanan
mbokmenawa iki tengara
Marang ati alit iki
kapuk-kapuk mumbul ngawiyat tanpa juntrungan
Tembung memanis satemah lamis
Nadyan mangsa wis gilir gumanti
Kudune aku bisa lali...
Tatu Iki
tansaya igit-igit ati.
2.
LUNGKRAH ATI
Swara batin angrerintih
Nelakake sayah lungkrah atimu
Yagene..kudu koksidhem kumlisiking rasa??
Satemene ora ana sing mrucut
Kridhane samirana kang mlintir pategaranmu
Kepara ngrubuhake kapitayan mu
Lerema sauntara
Sangisoring kembang tresna
Masiya ketiga dawa....
Ora ngira kasatan tetesing asih satuhu.
3.
LURUNG PANGURIPAN
mecaki lurung panguripan
Apa wis cukup sangu
sing bakal takkanthi mulih minangka teken suluhing ati?
Pecak jangkah kesandhung-sandhung
Datan dadi sanggan
endahe kidung manjer ing telenging kalbu
Ngranuhi ati gemuruh
mring maneka rasa
kedlarang-kedlarang anggonku mlaku
sempoyongan tanpa rowang
kijenan ing tlatah pangumbaran
adoh lor adoh kidul
sepi....
sauntara rodhane wektu terus munyer
senajan kebak tatu
isih saguh daktulis edining crita
Mbokmenawa sesuk bisa dadi panglipuring jiwa
4.
: REKMA MALIH RUPA
Esem pucet tan bisa kapaeka
Sakehing pralampita tharik-tharik
Rinoncen kembange rasa
Ana pesen sinandhi ing kaca pangilon
Daksawang kanthi permati
Ing pilingan kiwa tengen
Ora dakselaki wis ana tengara kang kudu daktampa
Ana rekma sing malih rupa
Mrapak tan bisa kasingitake
Anteng kitiran obahe pikiran
Mburu wektu nguber gebyare Donya
panjangkah mung nipakake ampang
Kekendhangan angin kalungse
Kamangka lakune srengenge tansaya nyedhaki surup dalu
Njur apa sing kudu dakgawa bali?
Gegetunan mung nggedhekake sanggan jroning jiwa
Tansaya ringkih mung bisa sumendhe mring Gusti...
Muga ing langit sore manda jingga iki
isih daktemu papan palereman kang ngedhemake jiwa..🤲
5.
KEMBANG KACA
Pandom wektu sanalika mandheg
Nalika kapang nothok korine kenangan
Lamat-lamat kumlisiking rasa
Manjila kembang kaca
Gumandhul ing larikaning idep
Tansaya ngrubuhake kasantosaning jiwa
Lungamu ninggal tatu
Ing tritis sepi
Dakseleh perih iki
Kijenan ngampah semplahing ati dakkekeb kanthi tatag tan kuwawa muni
Ora dakgetuni apa kang wis dumadi
Iki minangka dalan kang kudu daklewati
Pancen tresna iku ora selawase kebak abyore kembang tirta madu
Siji sing dakbundheli bapoh tali pati
ana impen - impen landhung maesi wengiku
Ngajab balimu bebarengan mbacutke crita sing kapunggel dening mangsa ketiga .
Lestari Sahsa Malika
Tidak ada komentar:
Posting Komentar