1.
LESTARI
L uru ilmu ing tbm kinanthi
E ndah banget katon sumringah
S atuhu gawe sengsem manah
T ansah agawe marem Ati
A mrih bisa sempulur ilmu
R eka pengin nenandur sedulur
I ing dina mburi Mugi manfaati
2.
BAURNO
B Ilih ing mengkone saged dados tenger
A amrih bisa angambar wangi
U mpamane kembang bisaa mekar
R ra Ketang mung samangsa
N Ora dadi pamikiran sing kudu winates Iki kae
O na wektu kang bisa ngrengga sakehing rasa kaya Dina Iki sesarengan ing blongsong BAURNO.
3.
[: PAGEBLUG KANG NGGEGIRISI
embuh iki paukuman apa mung saderma ampiran ?
Pathing klepyur sesliweran
Gogrog ing sadhengah tlatah
anjalari sarwa blangkarah
Pindha sangkrah lelarahan
Mblader ing jogan lemah
Wujudmu ora sepira
Ning kuwawa negesi sakehing memedi ingkang nggegirisi
Pindha pupus ron kang dumadakan nglayung garing ora ngerti jluntrunge mangsa
Tekanu nggawa kanca tansaya ndadra
dadi pageblug gedhe saindenging Bawana
Mripat klirak-klirik keweden mring cubriya
Was Sumelang marang siji lan liyane
Kahanan tintrim
Tanpa ana gemerahe sesongaran
Sing jare ora wedi apa maneh rasa gigrig
Mung ana panggresah kang ngranuhi ati
Ilat-ilat sanalika kethul
Paningal tansaya waspada mring sumebyaring virus
Maewu upaya kaparaga
Dening para dokter lan ahli medis
dimen sirep pageblug korona
Ngupadi vaksin kasarasan
Uga patrap sosial distancing denugemi
Kabeh cancut taliwanda tan tidha-tidha
Reresik dhiri kanggo tameng kang murakabi
Mungguh keslametan jiwa lan raga
Wis pira nyawa sing dadi banten PAGEBLUG Iki?
Ayoo....manjing ing panembah manjer donga
tan kendhat ing siyang ratri
Ohh..pageblug korona..!!
Enggal sumingkira saka bumi Pertiwi
Aja suwe-suwe anggonmu ganggu negri Iki
Enggal Bali ing papan paleremanmu ..
Bakal dakugemi piwelingmu
Yen Urip Iki kudune tansah reresik saka
rereged kang tumempel ing jiwa raga
Njaga kaweningan rasa
Ora mung mburu gebyaring Donya
Nyatane....tekanu aweh piwulang becik
Bisa agawe para kulawarga katrem ing salebeting griya .
PAGEBLUG enggal lunga sirna tan kasisa
lerem ...
Lerem ...
Lwrem ..
Muga jagad bali ayem tentrem
ing pangayoman Gusti Kang maha AGUNG.
Lestari Sahsa Malika
Ngadiluhur,
27 April 2020
4.
LURU CAHYA
[: Dakpecaki lurung alit iki
gegancangan kukuhing niyat
Nrabas lanciping watu-watu
Anuju cahyaning iman
sasi ramadan iki dadiya rerambatan manah
Ngresiki rereged kang tumempel ing dhiri
Mblered Katon suren
Kagulung jaman sarwa instan..
Ayat-ayat kang sumunar
Dadiya suluh amadhangi laku
Anuju ridhone Gusti pangeran... aamin ❤️
5.
KABEH BAKAL TUWA
[: Lan kabeh bakal nemahi tuwa
Delengen Iki...
uwan ku wis maprah sesuluran ing rekma
Alusing kulit wis ora cemethot
malih wiron
Maesi sakupengan netra
Yagene kudu iwut *rekayasa?
Pindha godhong
Bakal tumiba bantala
Embuh..merga
alum utawa kena ama
bisa gogrog sadhurunge mangsa
Sing wigati sehat jiwa raga...🤲🤲💃
6.
PITUTUR BECIK
: Pitutur utawa sangu leladi
yen gelem ngresapi
Bisa dadi colok laku mecaki urip
maneka prakara sing kadhang ngedhang laku
muga bisa kasikapi kanthi samesthine...
jer wiramaning urip owah gingsir
pletike nalar sing bening bisa dadi setir lan bisa nyumurubi endi dalan sing bener pikiran kang bawera
Satemene bisa njalari ati lejar
Netra katon sumunar
Praupan ora nyaprut
Sapa ing sakiwa tengene mesrhi katut bingar
Aja seneng ngatonake pasuryan *butheg
Malah ilang manise:-):-)
*Jareku wengi Iki🤗bu les
7.
WADHUK PACAL BOJONEGORO
: Menawa wae ing dina Iki
mung aku sing lagi kesengsem
mring endahe sesawangan tlatah Iki....
Wadhuk pacal temayang bojonegoro
Kijenan ngadek sangisore langit biru
Pepayon mega kemambang seta
Jembar tanpa wates
Angenku dakumbar playon ing sela-sela ron jati
Sunar bagaskara njiwit pipi
Panas sumelet Ora dadi sanggan kepara nyingkirake panggresah ati
Nundhung lungkrahe jiwa
Katrem ing kahanan kang ngadhemke rasa
pambengokku kandheg ing kanvas bawera
Juru sungging Kang satuhu Sampurna
Atiku katrem jroning syukur
Dhuh Gusti,..
Padhuka sabecike arsitektur.... Subhanallah ♥️
8.
JALARAN DRIJI
Katrem ing jagad Maya
Pindha mapan ing alas lathi
Sok akeh sing kelangan arah
Kekendelan wae durung cukup
Dadi tameng dhiri
Kudu kandel dayane kapitayan
playune angen kang luwih rikat
katimbang titahe jangkah
saka anggit bisa nrabas maneka rasa
Driji luwih landhep
ngedhap-edhapi
Apa sing ora ana ing kene?
sing remen semon-semon?
sing kasmaran?
sing kegedhen empyak?
sing kelara-lara?
sing lamis?
Sing gedhe rumangsa?
Sing kojah sesorah ?
Sing pamer?
Sing awu-awu?
kalane dadi panglipur ati
uga regeding pikir
Siji sing mesthi
aja lali dununge jati dhiri
Apik ya apik
Sing samadya wae
Ora usah anut grubyug
Ya bejane wong Saiki
bisa menangi jaman reja Iki
bisa ngerti
papan liya ana lumahing bumi
Mung saka layar hape iki
Ning kudu waspada
jalaran driji iki
Bisa uga dadi jalaran beja lan cilaka ne awak dhewe ..🤭😍
Bules,210720
Bunda Lestari Sahsa Malika
Tidak ada komentar:
Posting Komentar