Nimas ayu dewi Dresanala,...
Mangertiya Iki dudu sejatining pepisahan
Senajan kukuh sliramu ana ing rengkuhan
Satemene kangmas tansah pengin sesandhingan
ing sarina klawan wengimu
tanpa winates wektu
Nyuntak sakehing tresna mring sliramu uga siponang jabang bayi ing gowa garbamu
Sinareng napas Donga tan kendhat
Nyuwun kawelasan mring Gusti
Muga rahayu ndhungkap titi wancine lair
dadya ksatriya utama
Daksuwun...atimu lila mring lungaku nimas...
Senajan kapegat raga
Isih ana rasa kang Tansah kapang
Sing bakal nyawiji
ngancani dina-dinamu sapungkurku
Ora usah sungkawa tawang tangis
Lilakna....
Lungaku mecaki dalan sing bisa anuju kasampurnaning dhiri
Rene..Rene..nimas
Caket klawan kangmas
Dakrengkuh kebak asih ing dhadha iki
Rungokna.... prasetyaku kanthi Wening Nala
Mangertiya..
Katresnan iku endah bisa mahanani ing samubarang mangsa
Kangmas harjuna pepundhenku....
Biyen aku Ora Nate ngimpi apamaneh bisa pepanggih sabanjure nyawiji ing sih katresnan
Dina Iki ora kanyana
Kudu nemahi pepisahan
sing daksuwun Muga mung pisah raga
Ning jiwa tansah nyawiji selawase
wektu sing kapeksa manjing dasi pepalang trensa Iki
Muga bisa dadi pasinaon
Yen ta aku lan kangmas
Namung saderma wayang-wayang ing gegeman sang hyang agung minangka dalang ingkang maha kawasa
Apuranen nimas....
Yen tetesing banyu netra iki gemrajag tanpa kabendhung
Ora tembung lelamisan Panglipuring ati
TakLilakna
TakLilakna kangmas...
Angeting asihmu bakal dakbundheli dadi kapitayan sing madhangi jiwa
Mbokmenawa Iki pitudhuh saka sang maha wikan mbesuk aku lan kangmas
bisa bebarengan anuju Swargaloka
Kangmas harjuna kekasihku
Jumangkaha kanthi gagah
Aja mangu-mangu singkirna sakehing susah
Dongaku tansah konjuk katur kangmas
Lan lathi iki kaaras kebak tresnamu minangka suluhing rasa sadawane laku kang manjer jroning dhadha
Nimas...bakal Tansah setya ing katresnan
Lan selawase ora bakal cidra .
Bunda Lestari Sahsa Malika
**
Translate puisi bahasa ind ke bahasa jawa ,,atas seijin penulis nya.
Karya : bapak gambuh R Baseda
Rembang 01062020
Tidak ada komentar:
Posting Komentar