Potret Iki dakcenthel ing gebyok kaca
Mbuh wis ana pirang warsa
Mbokmenawa wae
Mbarengi melathi nedhenge mekar
Bungahing ati ora bisa takgambarake
Jalaran ....
Ana Cahya sumunar
Ceblok ing pangkonku
Dremejeg ing larikaning idep
Kang dadi rambatan satuhu
Madhangi laku
Mecaki rodhane wektu
Pepayon endahe mega -mega biru
Senajan mung ngrakit tembung kriwilan
Ngluru saka alas lathi...
Awit ya mung kekendhelan sing takduweni
Ora ana tetenger aji
Tumempel ing dhadha Iki
Apamaneh piyandel gaman kang sekti
Panggah takbacutake
Senajan ana was sumelang
Mring wengise watu-watu lancip
Sing pating crangap
Njalari asring gobrah tatu
Ngronce ukara sacebloke anggit prasaja
Muga wae....
Manjila kembange jaman
Senajan ora ngganda Arum
Bakal takpaes ing tritis wektu
Dadi prasasti ati satuhu..
2.
SEDHELA WAE
Sedhela wae....
Aku pengin lerem ing parengkuhmu?
Pengin daksuntak sakehing panggresah
ati alit iki tansaya mengkeret
Ucul saka gedhene pajangka
kedlarang tanpa pangemanmu
Yagene.... kokpunggel kembang sing lagi wae tinandur?
Putik sari sanalika mblayang saparan-paran
Bareng aburing kapitayan
sumampir ing pang kawirangan
Pandulu sumawur cubriya
Tansaya jumawa
Maesi laladan kang sinubya
Kledhangmu tan juntrungan
Nipakake napas-napas sayah
Ing pereng wektu dakresiki sangkrah kanthi sareh....
Muga wae isih ana papan kanggo mbuwang rereged Iki...
tatu pancen tatu
Ning aku kudu mbacutake laku
Senajan rasaku semplah tanpa daya sempoyongan
Isih ana Gusti kang bakal paring usada...
Lestari Sahsa Malika,
190920
3.
Marang edhum netramu
Sakehing impen-impen landhung
nate daktitipake
ora ana was sumelang
Yen mengkone bakal nemahi cidra kelara-lara
Wis takngertenii
yen sedhih lan bungah
Paringanipun Gusti
Bakal daksimpen primpen lelakon Iki
Mugya Dadi pangilon kang manjila
Madhangi dina-dina sapungkurmu
Mbokmenawa panandhang Iki
Minangka pandadaraning ngaurip
nut paugeran kang wis tinata Gusti
Kanthi legawa lan Lila ati
4.
NANDUR KABECIKAN
Mendahneya endahe ...
Yen ing tembe mburi
Tipak-tipak jangkah Iki dadi tetenger edi
Sumbering pepadhang mring bebrayan agung
Driji-driji ora leren Nenandur rupa-rupa kabecikan
Ing bawerane tegal maya
Ukara-ukara peni dadi memaniking netra
Kepatri jroning driya
Masiya ta wis kalungse yuswa
Pamujiku bisaa ngrembuyung manjila ing sadhengah mangsa
Ora dakgetuni sayahe raga iki
Isih ana dhipan gapuk
kang saguh nadhahi sesambate rasa
Dumeling swara adzan ing wanci wengi
Ngelingake beninge tirta suci
Kang tansah setya
Ngedhemake agni kang ngrenggani dhadha iki
Gusti .... paringana pangayoman
Kawula Namung titah lumrah
pacoban urip pancen sandhangan
Keparenga kawula gegondhelan agunge asihMU
Ngugemi piwulang utama
nandur becik Muga tuwuhe uga becik...
*
Lestari Sahsa Malika
210920
5.
EDINING GEGAYUHAN LUHUR
wis daktakoni kumlisiking sesuketan
Katerak sumilirig angin dalu
Nalika tapak jangkah iki nglewati tlatah sepi
Tetembangan gitaning ati
Kekendhangan rasa kapang
Mring edining gegayuhan luhur
Daktemu maneka pepalang
Linciping krikil
Uga eri carang
Enggokan lan dalam simpang
Ning....ora dakendhani
Jalaran ing dhadha iki isih ana damar kang manjer
Senajan mung kumelip alit
Mbokmenawa kasawaban gedhene pangareb
Muga wae dadi panuntun nggayuh pangimpen landhung
Kang kapaes Endah ing langit ati
Ora dakselaki perih kang njarem biru
Nracah ing Kiwa tengen suku
Wis dakngerteni... Kabeh Iki upaya mring kasantosaning dhiri
Aku Kudu luwih waspada ngati-ati
Ing lumakune dina
Dadya pasinaon wigati
pindha rodha kang seser muser
Keplayu kalindhes wektu
Sesalipan rebut banter
Kamangka napas wis sayah
Prenggosan mring apuhe kringet
ing tritis wektu dakrungokna swara batin angrerintih
Sesambatan ngampah panggresah
Dhuh ati Lerema ya...
lerem sedhela
Eman yen endahe esem kesaput mendhung angendhanu
Kae lho... sesuk esuk srengenge luwih kencar
Andum Cahya sumunar
Muga wae bisa ngilangake sakehing panandhang atimu...❤️
Lestari Sahsa Malika
230020
6.
WIS OWAH
Aja geme-geme
Iki dudu papan guyonan
Aja kumawani ngaku kanca kenthel
Ora bakal ana sing ngandel
Gemricik kali pancen bisa ngedhemake ati
Ning wis ora ana Gemerahe bocah
Lelumban praon godhong pring
Sesiratan kanthi bungah
Uga nggambar omahan cekli ing pinggir kali
Mbengok sora yen kesenggol tangan jail
Sengkut nggawe miniatur omah
Bebarengan datan ana pasulayan
Yagene...gumun?
Yen saiki wis dadi cafe kang edi
Pinaes Gubuk-gubuk peni
dadi panglipuring ati satuhu
Sangisoring cagak-cagak pring iwak emas pating slinthi
Tansaya ngawe-awe sapa wae
Kalegan ngenggar manah
Aja mboksengguh banyu kang mili kemricik kuwi bakal wawuh
Yen tekamu mung nggawa crita lawas kang pekewuh
Kowe kuwi dudu relasi
Apamaneh tekamu ora nitih wesi aji ...
ing lumakuning dina kuwi pancen nduweni critane dhewe
Aja banget klelep ing panelangsa
Nemahi owahing rasa pangrasa kang malih atos
mesema ....
Urip saderma mampir ngombe
Sepira suwene yen kasuwun bali
tetepa sumendhe mring agunge dzat kang maha asih ..
7
UDUN SEMAT
aheemmm....
Wujudmu cilik menthis
Mbokaja ngreridhu aku
Sengkring senut-senut lara
Manggon wae kok ya milih ta
Irung cilik iki dadi sesek banget
Delengen ta aku kelaran tenan
Enggal lunga ya..!!
Mengko taktumpakne prau reroncen ron suruh ayu
Dimen mripat ora sepet
Polah obah uga ora sumpek
Anggere kowe sanggup nyingkrih saka guwa grana Iki
Maturnuwun
wis ajar kabecikan
Tansah nggedhekake syukur mring kanugrahan Gusti
Njaga kasantosaning dhiri
amrih bagas waras lair batin...
8:
ORA PEDHOT TALINING KENUR
Lungguh sacedhaking jendhela
Ngungak menjaba
Katon bawera nyengsemake nala
Dedhampyakan mega-mega ing akasa
Pepaesan layang-layang maneka rupa
Tali kenur sumampir ing kedhep netra
Ana bungah tanpa aran sing ngrenggani dhadha
Sowangan dumeling ing pucuk papringan
Pindha suling kang ngerih talingan
Lumebet ana keteging jantung
Nggiring mubah mosike driya
Amrih tansah bapoh talining panjangka
Ora klendran mring puja lan puji
Jalaran jejeging ati kudu tansah kaesti
Surya meh angslup surup dalu
layangan mobat-mabit Kleyangan
Ning daksawang ora pedhot talining kenur
Senajan sinempyok angin Gedhe
Manjer anteng maesi jagad awang-awang.
Cakrawala endah kadulu netra
Matur nuwun GUSTI
Paduka pancen sejatine dzat kang wenang paring pesthi...
Lestari Sahsa Malika ❤️❤️