Ceritane awan iku, aku sarombongan pkk
Ngadakne kegiatan outbond ing pantai kelapa tuban.
Sadurunge ing pantai kelapa tuban,mruput salka omah sabubare subuh,rombongan budhal nitih bis lan elf,
njujug pantai sowan kapiring tlatah kulon ing kabupaten tuban.
Lewate jatirogo tembus tambak boyo njur telon tambak boyo ngetan kira kira 1km wis tekan pantai sowan.
Ing kene kegiatane senam bersama njur sarapan bareng -bareng ...seru banget:-)
Jam 10an ,rombongan pkk mungkasi kegiatan,njur meluncur maneh mangetan pol ,ing pantai kelapa,tlatah tuban bagian etan.
Kira kira jam 11.30 wib wis mlebu area parkiran.
Sadurunge kegiatan outbond, aku njujug toilet dhisik,
Wis ora betah je...hee
Menisan sholat dhuhur ben ndang ayem,ora melak melik kepikiran durung sholat.
sholate ing gazebo cilik.merga fasilitas sing disediyake mung arupa gazebo,ngliwati andha utawa papan kanggo munggah ing dhuwur. Gazebo.
Sabubare sholat aku njur mudhun lan lungguh ing lesehan ngarepe gazebo
Karo resik resik rai,,,ehemm wedhakan ben ora ketok kumus kumus hee.
Biasa mak mak jaman now,selalu update dalam penampilan.
Dakman....ujug ujug ana wong wedok ing cedhakku,ngelem memuji diriku,hiii
Tapi delok sekilas,wong iki kurang 1 ons,
Mbok menawa biyen biduan mbuh mantan sindir,
Wong kawit mau bengak bengok nembang, nyanyi buanter,je suarane apik ketok yen pinter nembang.
Umpama wong genep,mesthine lak ora ngono,
Sandhang penganggone ya nyleneh hee
**
"Bu, wedhake panjenengan apa?
Kok ayu men,kok alus men ,"?
" wedhak biasa kok mbak, sampeyan ya ayu ngono kok,"
Semaurku karo ngratakne lipstik
"Lipstik e apa kuwi merk e bu, aku nyuwun bu,"
"Sampeyan pengin nyilih lipstik iki, ngko dhisik ya,"
Aku wis kepikiran iki, piye nek gak tak silihi ngko ndang ngamuk
Gek lipstikku lagek tumbas,
Ee ya wis nimbang aku ngko diuber wong iki,ya wis
Lipstik iki ben dipek wae,
Aku ya ora wani nganggo maneh yen bar dinggo mbake iki..?hooo
Bareng lipstik takwenehne ,,lagi wae di buka njur dioleske ing lambene dakman tugel..hiii
Yongalah...dhekne bengok bengok
Buk'e.!,! Buk'e
Iki piye lipstike tugel
Aku ora isa nganggo,"
Ya wis ndang pean apek pisan ,nggo macak sing ayu ya,
Aja bengok bengk maneh,isin dirungokne wong akeh,"
Dadi Wong wedok kuwi sing kalem ya,
aja seneng bengak bengok,"
Nggih bu
maturnuwun ,"semaure karo mesem
Lha kok nyambung tak ajak guneman,malah salaman bereng je...he
njur mlaku karo nembang...ngelik ngelik .
Aku kok welas,muga slamet salakumu ya mbak 😟😟😪😪
Bunda Lestari Sahsa Malika
*denok Ayu, 18.11.18
Tidak ada komentar:
Posting Komentar