```
kijenan tanpa rowang
jroning sepi wengi
apa ta sing dakrasa iki ?
ati tansah klisikan,
molak-malik tan kuwawa muni
apa iki krana ati kepranan marang njenengan ?
kang nembe tambuh liwat endah ukara-ukara rinonce
pawongan sarwa linuwih
ora mung prigel ngrakit endahing gurit
nanging uga jatmika ing jati dhiri
hambabar hambeg tama alusing pambudi
yagene tansah sesonderan ing kedhep netra
njur ngebaki impen-impenku
kamangka durung nate wanuh !
sedina wae ora sapa aruh ana kene
rinasa nganti kaya setaun suwene
nanging ora !
mbokmenawa wae mung aku dhewe
sing gedhe rumangsa,
najan critaku lan critamu deres gemrajag sangisoring pengarep
kabeh bakal daksimpen !
primpen ing lempitan ati
kena kanggo tamba yen mbesuk kapang
lan njenengan uga wus awis sambang
ya mung pawarta setya dakantu
ing tritis awan tumekane dalu
kangmasku`...
Bunda Lestari Sahsa Malika
*denok ayu
111118
Tidak ada komentar:
Posting Komentar