Rabu, 21 November 2018

ATI SEMELEH

Ati sumèlèh
Suku têtêg jumangkah tan tumolèh
Sangarêpan bakal ana pikolèh
Tinampaa éklas
Krana isih bakal ana manèh

Mugi kula lqn panjenengan
Tansah saged ngemong rasa
Senajan ta jroning dhadha gemuruh 😉

Tindak sapecak
Ucap saklemah
Praupan tansah katon sumeh
lan patrape uga *elegan

Balang binalang piweling bab kabecikan
Datanpa kapituna  tumeka puputing jaman🙏🙏

BK/LS,21.11.18

Tidak ada komentar:

Posting Komentar