Swara gemuruh jroning dhadha
Binarung semilir angin mangsa katiga
Larap larap bledhug ngusapi netra
Nggiring angenku marang panggrahita
Yagene ...kudu ana lelakon iki?
Lelamisan kang winungkus endahing ukara
Ngglandhang ati ing pangumbaran
Nrabas landheping pangrasa tanpa tepi
Pungkasaning mung ana sepi
Sesambat ngaruara tanpa swara
deleg deleg ing tritis dalu
Lungguh setimpoh ...,.
Mbendhung ilining banyu netra
Kang saben saben mili sauruting pipi
Nyawang langit tansaya klawu
Ah....sasi november kaping 10 iki
isih ana tatu ngrenggani kalbu
Maesi lembar cathetan dinaku
Lestari Sahsa Malika
<denok ayu lestari>
101118
Tidak ada komentar:
Posting Komentar