Sabtu ,17 november 2018
Esuk iki mau aku duweni niyat pengin mlaku-mlaku ing kutha bojonegoro.
Mruput penggaweyan omah wis dakberesi,kabeh,
kareben ora kepikiran lan jenak anggonku nyenengke ati.
Jarak kutha utawa mall sing pengin daktuju ngumbah mripat kira kira ana10km saka omahku.
Saka omah budhal jam 08.30wib,,,
Merga mung 25 menit katempuh nganggo sepedamotor.
Weerrrr....bismillah muga slamet ora ana alangan apa-apa ing ndalan.
Lhaa.,,ndilalaah saka dalan rel sepur akeh wong sing bareng bareng padha pengin liwat,sawise sepur weesss ngulon.
Aku kurang waspada ,ana sepeda motor ing ngarepku mbangkel abrak mbuh apa?
Ujuk ujuk dakman mundur,pas aku ya ana ing mburine ,
Aku ora bisa endha ..brakkk !!
"Paklik paklik awas ,,awass !!!
Aku ya melu mundur .....hadewww
Wis bar gawene,,
"piye ta paklik ,iki ebek ebek montorku beret kabaeh,"gremengku karo nyaprut
"Ngapunten bu,,lha iki mau ya ra njarak," jawabe paklik sawise ngliwati rel sepur njur njagang sepedhahe ing pinggir dalan.
Merga aku negur piyambake, tak kon ndelok sepedha motorku
"Slamete aku iki mau ora ngunduri kendaraan mburiku ,merga bocahe prigel sikile dawa dadi bisa endha sisih kiwa pinggir list paving.
Nbesuk maneh sing ati ati ,,di kira kira aja kakehan bangkelan ,bisa mbebayani ," gayaku nuturi pakklik ..hee
**
Ya wis perkara iki ora takdawa dawa,sakne paklik sing praupane melas ,
Nggawa bangkelan akeh malah taksemprot..iki piye hikks
Cara aku mau ora kenes nyauri kanca sing simpangan ,dak kira aku ya ora kena *sial ...alahemmm
"tindak pundi bu kaji..?"
"Jalan jalan jalan wong ayu,ayuukk ta," semaurku karo plengakan ngono
Dakman braakkk..hiikz??!
**
Pesen moral sing pengin dakshare
1.senajan ing dalan ndesa,tansah ati ati lan waspada
Aja sembrana tetep gunakne regting utawa aba aba nalika berkendara.
2,yen wong salah wis nyuwun ngapura
Enggal disepura ora usah didawa dawa,ben ati ora butheg
3. Saben persoalan duweni pelajaran
Sing bisa dinggo sinau lan tansaya pinter ngadhepi lan mutusi masalah
4.mbok menawa dina iki,,ana isyarat aku ora dikeparengake Gusti ALLAH, metu saka omah sing ora ana manfaate ..mung mbuwang wektu.
Maturnuwun GUSTI
SEDAYA ANUGERAH PADUKA
Atas ridho saking paduka ,kawula *slamet ..Alhamdulillah
Bunda Lestari Sahsa Malika
*denok ayu,17.11.18
Tidak ada komentar:
Posting Komentar