Sabtu, 10 November 2018

WIRANG RASA

Dakkira kembang tresna kang rinonce
Bakal selawase kapaes ing plataran atiku
Angamgar arum dadi kelangenan
Kang tinamdur ing jembare rasa

Ning jebule nuwuhake cuwa
Mesthine aku ngandel ujare warta
Saka angin mangsa katiga wingi
Katresnan kang teka iki
mawa dahana lan milara
Kang anjalari wirang rasa

Ora dakselaki kembang tresna
Kang tinandur pancen amrik ganda wangi
Ning emane mung sakedhep netra
Janji janji kang rosa angedapi ati
kaya kaya ngrubuhake gunung willis
Kanyatan amung winates ukara

Ya wis aku ora apa apa
Crita iki pancen kudu dakprangguli
Lelakon kang banget gawe pingget
Nunjem jroning jiwa  dadi tatu rupa biru

Bunda Lestari Sahsa Malika
*denok Ayu

101118

Tidak ada komentar:

Posting Komentar